1 Sang Prabu Suleman, putrane Sang Prabu Dawud, anggone jumeneng nata wus santosa; Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, nunggil kalawan panjenengane lan ndadosake pangwaose ngedab-edabi.
2 Sang Prabu Suleman paring dhawuh marang wong Israel kabeh, marang para panggedhene wadya-bala sewu lan wadya-bala satus, marang para hakim lan marang sakehe pemimpin ing saindenging tanah Israel, yaiku para lelurahing kulawangsa.
3 Sang Prabu Suleman banjur tindak menyang ing tengger pangorbanan ing Gibeon kadherekake dening wong sapasamuwan mau kabeh, amarga ana ing kono dununge Tarub Pasewakaning Allah yasane Nabi Musa, abdining Yehuwah, ana ing pasamunan.
4 -- Nanging Sang Prabu Dawud wus mboyong pethining Allah saka Kiryat-Yearim menyang ing papan kang wus kacawisake, -- sabab panjenengane wus ngyasakake tarub ana ing Yerusalem.
5 Nanging misbyah tembaga gaweane Bezaleel bin Uri bin Hur isih ana ing kono ana ing ngarepe Tarub Sucining Allah. Iya iku kang dipurugi Sang Prabu Suleman karo pasamuwan mau perlu nyuwun pitedah marang Pangeran Yehuwah.
6 Ana ing kono Sang Prabu Suleman nyaosake kurban ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing misbyah tembaga ing sangarepe Tarub Pasewakan. Sang Prabu ana ing kono ngunjukake kurban obaran sewu.
7 Bareng bengine dina iku uga Gusti Allah ngatingal marang Sang Prabu Suleman lan ngandika marang panjenengane: “Sira nyuwun apa kang bakal Sunparingake marang sira?”
8 Unjuke Sang Prabu Suleman marang Gusti Allah: “Paduka sampun ngatingalaken sih-kadarman Paduka ingkang ageng dhumateng bapa kawula Dawud, saha sampun njumenengaken ratu kawula, nggentosi bapa kawula wau.
9 Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah Allah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken kiyating janji Paduka dhumateng bapa kawula Dawud, amargi kawula sampun Paduka jumenengaken dados ratuning bangsa, ingkang kathahipun kados lebuning siti.
10 Paduka sapunika mugi karsaa paring kawicaksanan saha kawasisan, supados kawula saged mlebet medal dados panuntuning bangsa punika, awit sinten ingkang saged ngakimi bangsa ingkang ageng punika?”
11 Paring pangandikaning Allah marang Sang Prabu Suleman: “Ing sarehne iku kang sira karepake, lan sira ora nyuwun kasugihan, raja-brana, kamulyan utawa patining wong kang sengit marang sira, lan uga ora nyuwun umur dawa, nanging kosok baline sira nyuwun kawicaksanan lan kawasisan supaya bisa ngakimi umatingSun, kang wus Sunpitayakake marang sira minangka ratune,
12 mulane kawicaksanan lan kawasisan iku kaparingake marang sira; kajaba saka iku sira Sunparingi kasugihan, raja-brana lan kamulyan, kang durung tau kadarbe dening para ratu sadurunge sira sarta ora bakal ana ratu sawuse sira kang ndarbeni iku.”
13 Sang Prabu Suleman nuli tindak saka ing tengger pangurbanan ing Gibeon, saka ing ngarepe Tarub Pasewakan, kondur menyang ing Yerusalem sarta banjur ngasta paprentahan ing Israel.
14 Sang Prabu Suleman tumuli nglempakake kreta lan wadya-bala jaranan, nganti kagungan kreta sewu patang atus lan wadya-bala jaranan rolas ewu, kabeh padha kapanggonake ana ing kutha-kutha panggonan kreta lan cedhak karo Sang Prabu ana ing Yerusalem.
15 Sang Prabu ndadekake kehing emas lan selaka ing Yerusalem nganti padha karo watu, lan kehing wit kayu eres padha karo wit sikma kang ana ing Tanah Pagunungan.
16 Jaran kang kagem Sang Prabu Suleman iku ditekakake saka ing tanah Mesir lan saka ing tanah Kewe; para sudagare Sang Prabu anggone kulak iku saka ing Kewe kanthi rega pasar.
17 Kreta siji kang ditekakake saka ing tanah Mesir iku regane nganti nem atus sekel selaka, lan jaran siji nganti satus seket sekel; lan kaya mangkono uga anggone padha ngedol iku marang sakehing ratune bangsa Het lan marang para ratu ing tanah Aram.