2 Babad 5 JAV

1 Ing kono wus rampung sakehe pagawean kang ditindakake dening Sang Prabu Suleman kanggo padalemaning Yehuwah iku. Sawuse mangkono Sang Prabu Suleman banjur nglebetake barang-barange suci Sang Prabu Dawud, kang rama, lan maringake selaka, emas lan barang-barang mau ana ing pasimpenan ing padalemaning Allah.

PADALEMAN SUCI KARESMEKAKE

Pethi prajanjian kaboyong lan kamulyaning Yehuwah ngebeki padalemaning Allah

5:2--6:2

2 Ing nalika samana Sang Prabu Suleman dhawuh marang para pinituwaning Israel lan sakehe tetindhihing suku, para panggedhening kulawangsane wong Israel, supaya padha nglumpuk ana ing Yerusalem, prelu kadhawuhan mboyong pethi prajanjianing Yehuwah saka ing kuthane Sang Prabu Dawud, yaiku Sion.

3 Ing dina riyaya ing sasi kang kapitu sakehe wong Israel padha nglumpuk ana ing ngarsane Sang Nata.

4 Bareng sakehe pinituwane wong Israel wus padha sowan, para wong Lewi banjur padha ngangkat pethi mau.

5 Kang diusungi pethi mau, Tarub Pasewakan lan sakehe barang suci kang ana ing tarub; kabeh iku kausungan dening para imam lan para wong Lewi.

6 Anadene Sang Prabu Suleman lan sakehe umat Israel kang padha nglumpuk ana ing ngarsane, padha ana ing sangareping pethi lan padha nyaosake kurban wedhus lan sapi kang cacahe ora kena kaetung utawa kawilang.

7 Sawuse mangkono para imam padha mapanake pethi prajanjianing Yehuwah mau ana ing panggonane, ana ing kamar mburi ing padaleman, ing pasucen kang pinunjul, ana ing sangisore bener swiwining kerub;

8 dadine kerub-kerub mau ngegarake swiwine ing sandhuwuring papane pethi, satemah pethi lan pikulane padha kapayungan dening kerub.

9 Pikulane iku dawane pucuke katon saka ing pasucen, ing sangarepe kamar mburi, nanging ora katon saka ing njaba; iya ana ing kono iku papane nganti tekan ing dina iki.

10 Ing sajrone pethi kono ora ana apa-apane kejaba mung papan loro kang dilebokake ing kono dening Nabi Musa ana ing gunung Horeb, nalika Pangeran Yehuwah damel prajanjian karo wong Israel, ing sajrone padha lelaku sawuse metu saka ing tanah Mesir.

11 Para imam nuli padha metu saka ing pasucen. Para imam kang ing wektu iku ana, kabeh wus padha sesuci, ora kacencang ing gilirane golongane dhewe-dhewe.

12 Para juru ngidung wong Lewi iya padha ana ing kono kabeh yaiku Asaf, Heman, Yedutun dalah anak-anake lan sadulure. Iku padha ngadeg ing sawetane misbyah, padha manganggo lena alus lan nggawa kecer, slukat lan clempung, nunggal karo imam satus rong puluh kang gaweane ngunekake kalasangka.

13 Para juru ngunekake kalasangka lan para juru ngidung mau banjur padha bebarengan ngidungake pepujian lan ngrepekake kidung panuwun konjuk marang Pangeran Yehuwah. Padha ngulukake swarane binarung ing swaraning kalasangka, kecer lan unen-unen liyane kalawan memuji marang Pangeran Yehuwah, pangucape: “Panjenengane iku becik! Sih-susetyane iku langgeng ing salawase.” Ing nalika iku padaleman mau, yaiku padalemaning Yehuwah, kapenuhan ing mega,

14 nganti para imam ora betah anggone padha ngadeg nindhakake tata pangibadah marga saka mega iku, awit kamulyaning Yehuwah ngebeki padalemaning Allah.