1 Kacarita Sang Prabu Yosia ngriyayakake Paskah kagem Pangeran Yehuwah ana ing Yerusalem. Wedhuse gembel Paskah disembeleh ing tanggal patbelas ing sasi kapisan.
2 Sang Nata mranata kawajibane para imam lan paring pangatag tumrap anggone padha nindakake pagaweane ana ing padalemane Sang Yehuwah.
3 Sang Prabu ngandika marang para wong Lewi, kang padha aweh piwulang marang wong Israel lan para wong kang kasucekake kagem Pangeran Yehuwah: “Pethi suci iku prenahna ana ing dalem yasane Sang Prabu Suleman putrane Sang Prabu Dawud, ratu ing Israel. Ora usah sira usung maneh. Saiki sira padha leladia marang Pangeran Yehuwah, Allahira, lan Israel, umate!
4 Padha cecawisa manut kulawangsanira kaya kang wus kaseratan dening Sang Prabu Dawud, ratu ing Israel, lan Sang Prabu Suleman, kang putra.
5 Sira padha ngadega ana ing plataraning pasucen manut golongane kulawangsane para sadulurira liyane, yaiku golonganing wong lumrah, saben golongane kulawangsane wong Lewi kanggo para sadulurira iku sagolongan.
6 Nuli padha nyembeleha wedhuse gembel Paskah; sira padha nucekna awakira, lan padha nganakna pacawisan kanggo para sadulurira, miturut apa kang kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.”
7 Sang Prabu Yosia nyumbang marang golonganing wong lumrah arupa wedhus telung puluh ewu, yaiku wedhus gembel lan wedhus berok kang isih enom, kabeh minangka kurban Paskah kanggo sakehe wong kang ana ing kono. Kajaba iku Sang Nata uga nyumbang sapi telung ewu. Kabeh iku saka barang kagungane Sang Prabu.
8 Para panggedhening wadya-bala iya padha paring pasumbang kalawan manasuka marang rakyat, para imam lan para wong Lewi. Sawuse mangkono Imam Agung Hilkia, Sang Zakharia lan Sang Yehiel, para panggedhening padalemaning Allah, padha maringi marang para imam wedhus rong ewu nem atus minangka kurban Paskah lan kajaba iku uga sapi telung atus.
9 Sang Khonanya lan sadhereke loro, Sang Semaya lan Sang Netaneel, sarta Sang Hasabya, Sang Yeiel lan Sang Yozabad, para panggedhening wong Lewi, nyumbang marang para wong Lewi wedhus limang ewu kanggo kurban Paskah sarta kajaba iku sapi limang atus.
10 Bareng upacaraning pangibadah wus kacawisake, para imam banjur padha ngadeg ing ngarepe lan uga para wong Lewi manut golongane miturut dhawuhe Sang Prabu.
11 Wedhus gembel Paskah tumuli disembeleh lan para imam nyiramake getihe saka ing tangane para wong Lewi, dene para wong Lewi padha ngeleti wedhus mau.
12 Nanging kurbane obaran didhewekake, bakal dipasrahake marang golonganing wong lumrah manut golongane kulawangsane; iku kapisungsungake marang Pangeran Yehuwah kaya kang wus katulisan ana ing kitabe Nabi Musa. Mangkono uga sapi-sapine.
13 Sawuse mangkono wong-wong banjur padha manggang wedhuse gembel Paskah ana ing geni, nocogi pranatane, dene pisungsung-pisungsung suci padha kaolah ana ing kwali, ing kenceng utawa ing wajan; iku banjur enggal-enggal kaedumake marang golonganing wong lumrah kabeh.
14 Sawuse iku nuli padha ngolahake awake dhewe lan para imam, amarga para imam, yaiku para tedhake Rama Harun, padha ribut caos kurban obaran lan sakehe gajih nganti bengi. Mulane para wong Lewi padha ngolahake awake dhewe lan para imam, yaiku para tedhake Rama Harun.
15 Para juru ngidung, yaiku bani Asaf, padha ana ing papane dhewe, nocogi dhawuhe Sang Prabu Dawud, Sang Asaf, Sang Heman lan Sang Yedutun, wong sidik abdine Sang Nata mau; uga para jaga-gapura padha ana ing saben gapura. Iku ora usah padha ninggal kawajibane, amarga para sadulure, yaiku para wong Lewi, kang nyadhiyakake.
16 Kaya mangkono anggone padha nyawisake upacara pangibadah marang Pangeran Yehuwah ing dina iku, kanggo ngriyayakake Paskah lan nyaosake kurban obaran ana ing misbyahe Pangeran Yehuwah, nocogi dhawuhe Sang Prabu Yosia.
17 Ing nalika iku wong Israel kang padha ana ing kono, ngriyayakake Paskah lan dina mangan Roti Tanpa Ragi, kang suwene pitung dina.
18 Paskah kang kaya mangkono iku ora tau diriyayakake maneh ana ing Israel wiwit jamane Nabi Samuel. Ing antarane para ratune wong Israel ora ana siji bae kang tau ngriyayakake Paskah kaya kang diriyayakake dening Sang Prabu Yosia karo para imam lan para wong Lewi, sarta karo sakehe wong Yehuda lan Israel kang padha bisa nekani, tuwin karo para wong kang padha manggon ing Yerusalem.
19 Paskah mau diriyayakake ing taun kang kaping wolulase paprentahane Sang Prabu Yosia.
20 Sapungkure lelakon iku mau kabeh, nalika Sang Prabu wus rampung anggone ndadosi padalemaning Yehuwah, Sang Prabu Nekho, ratu ing nagara Mesir, nglurug perang menyang ing kutha Karkhemis ing sapinggire bengawan Efrat. Sang Prabu Yosia miyos methukake.
21 Sang Prabu Nekho ngintunake utusan marang Sang Prabu Yosia, kadhawuhan nglantaraken pangandikane kang mangkene: “Panjenengan kagungan urusan punapa kaliyan kula, Sang Prabu ing Yehuda? Wekdal punika kula boten nglurugi panjenengan, nanging nglawan dhateng ratu ingkang saweg kula perangi. Gusti Allah dhawuh dhateng kula supados enggal-enggal tumandang. Milanipun kula aturi nyandekaken karsa panjenengan nglawan dhateng Gusti Allah ingkang nunggil kaliyan kula, supados panjenengan sampun ngantos kasirnakaken dening Panjenenganipun!”
22 Nanging Sang Prabu Yosia ora karsa sumingkir saka ing ngarsane Sang Prabu Nekho, malah nyamur lampah arep nglawan perang marang panjenengane, dadine ora karsa migatosake marang pangandikane Sang Prabu Nekho, kang dadi pepengeting Allah; Sang Prabu Yosia banjur lumawan perang ana ing lebak Megido.
23 Para prajurit panahan padha nglepasake panahe marang Sang Prabu Yosia, wasana Sang Nata nuli dhawuh marang para pandhereke: “Ingsun singkirna saka ing kene, awit ingsun ketaton banget!”
24 Para pandhereke padha mindhah panjenengane saka ing kreta titihane menyang ing kreta cadhangan, lan banjur kadherekake kondur menyang ing Yerusalem. Sang Nata tumuli seda lan banjur kasarekake ana ing pasareane para leluhure. Wong satanah Yehuda lan ing Yerusalem kabeh padha nindhakake patangisan, tumuju marang sang Prabu Yosia.
25 Nabi Yeremia nganggit kidung pangadhuh ing bab Sang Prabu Yosia. Lan nganti saprene sakehe juru ngidung lanang lan wadon padha ngrepekake kidung-kidung pangadhuh ing bab Sang Prabu Yosia, sarta iku didadekake sawijining padatan ana ing tanah Israel. Iku kabeh padha katulisan ana ing Kidung Pangadhuh.
26 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yosia lan pandamel-pandamele kang saleh kang cundhuk karo kang katulisan ing Torete Pangeran Yehuwah,
27 yaiku riwayate wiwit wiwitan nganti tumeka ing wekasan, lah iku kabeh padha katulisan ana ing buku bab para ratu ing Israel lan ing Yehuda.