1 Sawuse iku bani Moab lan bani Amon nglurug perang nglawan Sang Prabu Yosafat, bebarengan karo wadya-bala bangsa Meunim sabregada.
2 Nuli ana wong kang ngaturi uninga marang Sang Prabu Yosafat: “Wonten wadya-bala ageng ingkang dhateng saking sabrangipun Seganten Asin, saking Edom, ingkang nglurugi gusti kawula. Sapunika wonten ing Hazezon-Tamar,” yaiku En-Gedi.
3 Sang Prabu Yosafat dadine ajrih lan banjur mutus arep ngupaya Pangeran Yehuwah sarta ngundhangake pasa ing satanah Yehuda kabeh.
4 Wong Yehuda tumuli padha nglumpuk sumedya nyuwun pitulunganing Yehuwah, padha teka saka ing sakehe kutha ing Yehuda arep ngupaya Pangeran Yehuwah.
5 Sang Prabu Yosafat banjur jumeneng ana ing satengahe pasamuwane wong Yehuda lan Yerusalem ana ing padalemaning Yehuwah, ana ing sangarepe plataran kang anyar
6 sarta munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula sadaya, Paduka punapa sampun boten jumeneng Gusti Allah wonten ing swarga? Paduka punapa sanes ingkang ngwaosi sadaya karajaning bangsa? Paduka ingkang kadunungan pangwaos saha kakiyatan, satemah boten wonten tiyang ingkang keconggah nglawan Paduka.
7 Punapa Paduka sanes Gusti Allah kawula sadaya ingkang nundhungi para tiyang ingkang sami manggen ing tanah ngriki saking ing ngajenging umat Paduka Israel saha lajeng maringaken tanah wau dhateng tedhakipun Eyang Abraham mitra Paduka, kangge ing salami-laminipun?
8 Satemah lajeng sami ngenggeni tanah punika saha ngyasakaken papan pasucen dhumateng Paduka kagem asma Paduka, punapadene unjukipun:
9 Menawi kawula sami katempuh ing bilai, inggih punika pedhang, wewelak, pageblug utawi pailan, kawula sami badhe ngadeg wonten ing ngajenging padaleman punika, wonten ing ngarsa Paduka, amargi asma Paduka dedunung wonten ing padaleman punika, saha ing salebeting karupekan kawula sami badhe sesambat dhumateng Paduka, ngantos Paduka karsa midhangetaken sarta lajeng ngluwari kawula sadaya.
10 Dene sapunika, lah punika bani Amon tuwin bani Moab sarta para tiyang saking ing pareden Seir! Nalika tiyang Israel dhateng saking tanah Mesir, Paduka boten marengaken sami lumebet ing nagarinipun. Awit saking punika lajeng dipun tebihi saha boten dipun sirnakaken.
11 Lah minangka piwales tiyang-tiyang punika sami dhateng tuwin badhe ngesahaken kawula sadaya saking ing tanah pusaka ingkang sampun Paduka warisaken dhumateng kawula sadaya.
12 Dhuh Allah kawula, punapa Paduka boten badhe paring paukuman dhateng tiyang-tiyang punika? Awit kawula sami boten gadhah kakiyatan kangge nanggulangi wadya-bala ingkang ageng, ingkang badhe nempuh kawula sadaya punika. Kawula sami boten sumerep, punapa ingkang kedah sami kawula lampahi, nanging mripat kawula tumenga dhumateng Paduka.”
13 Ing nalika iku wong Yehuda kabeh padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, dalah brayate kalawan anak bojone kabeh.
14 Ing kono Yahaziel bin Zakharia bin Benaya in Matanya, wong Lewi saka turune Asaf, banjur katedhakan ing Rohe Sang Yehuwah ana ing satengahe pasamuwan,
15 lan nguwuh-uwuh: “Sami mirengna, dhuh para sadherek ing Yehuda sadaya tuwin para ingkang manggen ing Yerusalem saha Gusti kawula Sang Prabu Yosafat; makaten pangandikaning Yehuwah dhumateng panjenengan sadaya: Sira aja padha wedi lan aja padha giris marang bala kang gedhe iki, amarga dudu sira, nanging Gusti Allah kang bakal perang.
16 Sesuk sira padha medhuna, mapagna marang wong-wong iku. Iku bakal padha munggah menyang ing unggah-unggahan ing Zis sarta sira bakal padha katemu karo wong-wong iku ana ing pungkasaning lebak ing sangarepe pasamunan Yeruel.
17 Ing sajroning peperangan iki sira ora usah padha perang. He Yehuda lan Yerusalem, padha ngadega bae ana ing papanira, lan padha ndelenga kepriye anggone Pangeran Yehuwah paring kaunggulan marang sira. Sesuk sira padha mapagna wong-wong iku, Pangeran Yehuwah bakal nunggil kalawan sira kabeh.”
18 Sang Prabu Yosafat banjur jengkeng, wedanane konjem ing lemah. Wong Yehuda kabeh lan para wong kang manggon ing Yerusalem uga padha sujud ana ing ngarsaning Yehuwah sarta padha nyembah marang Panjenengane.
19 Wong Lewi saka bani Kehat lan bani Korakh banjur padha ngadeg lan ngrepekake kidung pamuji kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel kalawan swara kang seru banget.
20 Esuke uthuk-uthuk wus padha lumebu menyang ing pasamunan ing Tekoa. Nalika arep padha mangkat, Sang Prabu Yosafat jumeneng lan ngandika: “Padha ngrungokna, he Yehuda lan wong Yerusalem! Sira padha pracayaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, lan sira bakal padha tetep santosa! Padha pracayaa marang para nabine lan sira bakal padha oleh gawe!”
21 Bareng wus mundhut pamrayogane rakyat, Sang Prabu banjur ngangkat wong kang bakal padha ngrepekake kekidungan kagem Pangeran Yehuwah sarta memuji marang Pangeran Yehuwah kalawan nganggo sandhangan suci kang mencorong, nalika padha lumaku ana ing ngarepe wong kang padha sikep gegaman, kalawan celathu:“Padha ngrepekna kidung panuwun kagem Sang Yehuwah awit sih-susetyane iku langgeng ing salawase!”
22 Bareng padha wiwit surak-surak lan ngrepekake kidung pepujian, Pangeran Yehuwah banjur karya wadya-bala cegatan tumrap bani Amon lan bani Moab, sarta para wong kang saka ing pagunungan Seir, kang padha arep nempuh Yehuda, satemah padha disorake.
23 Bani Amon lan bani Moab banjur nempuh wong kang padha manggon ing pagunungan Seir, arep ditumpes lan disirnakake. Sawuse nyirnakake wong Seir, tumuli padha paten-pinatenan dhewe.
24 Bareng wong Yehuda teka ing papan pagunungan ing pasamunan, banjur padha ngawasake panggonaning wadya-bala, lah katon wus padha dadi bangke kabeh pating glethak ana ing bumi, ora ana kang bisa oncat.
25 Sang Prabu Yosafat sawadya-balane nuli mandhap lan njarah-rayah barang-barange. Padha oleh raja-kaya, raja-brana, sandhangan lan barang-barang kang pengaji. Kang kajarah iku kehe ngluwihi kang bisa digawa. Telung dina suwene anggone padha njarah-rayah barang-barang mau, marga saka akehe.
26 Ing dina kang kaping pate padha nglumpuk ana ing Lebak Pangalembana. Ana ing kono padha ngluhurake Pangeran Yehuwah, mulane panggonan mau kaaranan Lebak Pangalembana nganti tekan saiki.
27 Sawuse mangkono wong Yehuda lan wong Yerusalem banjur padha bali kabeh ndherekake Sang Prabu Yosafat, padha bali menyang ing Yerusalem kalawan bungah, amarga Pangeran Yehuwah paring kaunggulan, dene mungsuhe wus kasoran.
28 Anggone lumebu ing Yerusalem kalawan slukat, clempung lan kalasangka sarta banjur njujug ing padalemaning Yehuwah.
29 Sakehe karajan ing nagara-nagara liya padha katempuh ing pagiris, nalika krungu bab anggone Pangeran Yehuwah perang nglawan para mungsuhe Israel.
30 Anadene karajane Sang Prabu Yosafat ngalami tentrem, jalaran Gusti Allahe ngganjar katentreman warata.
31 Sang Prabu Yosafat ngasta paprentahan ana ing Yehuda. Nalika jumeneng ratu yuswane telung puluh lima tahun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase selawe taun. Kang ibu asma Azuba, putri putrane Sang Silkhi.
32 Sugenge ngenut tindake Sang Prabu Asa, kang rama, ora nyleweng saka iku, sarta nglampahi apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah.
33 Mung bae tengger-tengger pangurbanan ora disingkirake. Bangsa iku durung madhepake atine marang Gusti Allahe para leluhure.
34 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yosafat, wiwit sakawit nganti tekan ing wekasan, lah kabeh iku katulisan ana ing riwayate Nabi Yehu bin Hanani, kang kamot ing buku bab para raja ing Israel.
35 Sawuse mangkono Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, nganakake pasarujukan karo Sang Prabu Ahazia, ratu ing Israel, kang tindak-tanduke ala.
36 Anggone nganakake pasarujukan karo Sang Prabu Ahazia iku karsane arep yasa prau-prau kang kena dianggo lelayaran menyang ing Tarsis. Panggawene kapal-kapal iku ana ing Ezion-Geber.
37 Nanging Nabi Eliezer bin Dodawa saka ing Maresa tumuli medhar wangsit marang Sang Prabu Yosafat, unjuke: “Ing sarehne Paduka ngawontenaken pasarujukan kaliyan Sang Prabu Ahazia, milanipun Pangeran Yehuwah badhe ngrisak pakaryan paduka.” Kapal-kapal mau nuli padha remuk lan ora bisa lelayaran menyang ing Tarsis.