1 Pangeran Akhas nalika jumeneng ratu yuswa rong puluh taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase nembelas taun. Panjenengane ora nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Yehuwah kayadene Sang Prabu Dawud, rama leluhure,
2 nanging sugenge ngenut lampah-lampahe para ratu ing Israel, malah yasa reca-reca cithakan kanggo para Baal.
3 Sang Prabu uga mbesmi kurban ana ing Lebak Ben-Hinom lan mbesmi para putrane minangka kurban, cocog karo panggawene nistha para bangsa kang wus katundhungan dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.
4 Panjenengane mbesmi kurban ana ing tengger-tengger pangurbanan lan ana ing papan-papan kang dhuwur sarta ana ing sangisore saben wit-witan kang nggrembel.
5 Awit saka iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, banjur ngulungake panjenengane marang ing astane ratune wong Aram. Panjenengane ditelukake tuwin akeh para wonge kang ditawan lan padha digawa menyang ing Damsyik. Sawuse iku Sang Prabu nuli diulungake marang ing astane ratu ing Israel sarta dikawonake kang banget kae.
6 Amarga ing sajroning sadina Sang Prabu Pekah bin Remalya ana ing Yehuda damel tiwase wong satus rong puluh ewu, kabeh para wong kang prawira, amarga wus padha ngungkurake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.
7 Sarta Zikhri, sawijining gegedhug saka Efraim, nyedani Pangeran Maaseya, putrane Sang Prabu, Sang Azrikam, panggedhening kraton, lan Sang Elkana, priyagung kang angka loro sangisore Sang Nata.
8 Panunggalane sadulure ana kang ditawan dening wong Israel rong atus ewu, yaiku wong wadon lan bocah lanang sarta wadon. Wong-wong iku uga padha njarah rayah barang-darbeke kang akeh cacahe, padha digawani menyang ing Samaria.
9 Nanging ing kono ana sawijining nabine Pangeran Yehuwah, kang asma Odhed. Nabi iku tindak methukake wadya-bala kang bali menyang ing Samaria lan ngandika marang wong-wong mau mangkene: “Lah awit saka dukane marang Yehuda, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, ngulungake wong-wong iku marang ing tanganmu, sarta kowe padha gawe pepati ana ing satengahe kanthi riwuding nepsu kang nganti sundhul ing langit.
10 Dene saiki kowe padha duwe karep sumedya nelukake Yehuda lan Yerusalem arep padha kokdadekake batur tukon lanang lan wadon. Apa kowe dhewe ora duwe kaluputan kang gedhe ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu?
11 Lah saiki rungokna pituturku iki: Panunggalane para sadulurmu kang padha koktawan iku balekna, amarga bebenduning Allah marang kowe mulad-mulad.”
12 Banjur ana panggedhening bani Efraim sawatara yaiku Azarya bin Yohanan, Berekhya bin Mesilemot, Yekhizkia bin Salum lan Amasa bin Hadlai, kang padha ngadeg ana ing ngarepe wong kang padha mulih saka ing peperangan,
13 sarta nguwuh-uwuh mangkene: “Para tawanan iku aja padha kokgawa mrene, awit kekarepanmu iku ndadekake kita padha kaluputan marang Pangeran Yehuwah sarta muwuhi dosa lan kasalahan kita! Kaluputan kita iku wus gedhe sarta bebendu kang mulad-mulad wus tumempuh marang Israel.”
14 Bareng mangkono para wong kang sikep gegaman banjur padha ninggal para tawanan lan barang-barang kang padha dirayah ana ing ngarepe para panggedhe lan wong sapasamuwan kabeh.
15 Wong-wong kang tinanggenah kalawan kasebut jenenge, iku tumuli padha mangkat methuk para wong tawanan mau. Sakehe wong kang kawudan padha diwenehi panganggo dijupukake saka jarahan. Wong-wong iku padha diwenehi sandhangan, kasut, mangan lan ngombe. Padha dijebadi kalawan lenga lan sakehe wong kang wus sayah banget nganti ora bisa mlaku padha ditunggangake ing kuldi, digawa menyang ing Yerikho, menyang ing Kutha Wit Kurma, cedhak karo para sadulure. Sawuse mangkono wong Israel mau padha mulih menyang ing Samaria.
16 Ing nalika iku Sang Prabu Akhas utusan marang Sang Nata ing nagara Asyur mundhut bantuan.
17 Marga wong Edom uga wus padha teka lan ngasorake Yehuda sarta mboyongi wong tawanan.
18 Para wong Filisti iya wus padha nempuh marang kutha-kutha ing Tanah Pagunungan ing Tanah Negeb Yehuda, wus padha ngrebut kutha Bet-Semes, Ayalon, Gederot, Sokho dalah sawewengkone, Timna sawewengkone, lan Gomzo sawewengkone sarta banjur padha manggon ing kutha-kutha kono.
19 Kaya mangkono anggone Pangeran Yehuwah ngesorake Yehuda, amarga Sang Prabu Akhas, ratu Israel iku, ngendelake bae marang tindak mblasar kang kelakon ana ing Yehuda sarta wus ora setya marang Pangeran Yehuwah.
20 Sang Prabu Tilgat-Pilneser, ratu ing nagara Asyur, nuli rawuh, mung bae ora sumedya mbiyantu marang panjenengane, nanging arep ngrupeki marang panjenengane.
21 Sanadyan Sang Prabu Akhas ngrayahi barang-barang ing padalemaning Yehuwah, ing kraton lan ing daleme para panggedhe sarta masrahake iku kabeh marang Sang Nata ing nagara Asyur, ewadene iku ora njalari kauntungane.
22 Ing sajrone kaanan kapepet iku Sang Prabu Akhas malah saya banget anggone ora setya marang Pangeran Yehuwah.
23 Sang Prabu sesaji kurban marang para allahe wong Damsyik kang wus ngalahake panjenengane. Sang prabu nggalih mangkene: “Kang mitulungi para ratune wong Aram iku allah-allahe; mulane aku arep sesaji kurban marang iku, supaya aku uga dipitulungi.” Mangka iya allah-allah iku kang njalari bilaine dalah wong Israel kabeh.
24 Sang Prabu Akhas nglempakake piranti-piranti ing padalemaning Allah, padha dirusaki. Lawanging padalemaning Pangeran Yehuwah diinebake sarta banjur yasa misbyah-misbyah kagem sarirane piyambak ana ing sakehe pojok-pojoking Yerusalem.
25 Saben kutha ing Yehuda didegi tengger-tengger pangurbanan kanggo papaning ngobong kurban marang allah liyane. Kaya mangkono anggone Sang Prabu damel gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.
26 Anadene kekarene riwayate lan sakehe lampah-lampahe, wiwit wiwitan nganti tekan wekasan, lah iku kabeh katulisan ana ing buku bab para ratu ing Yehuda lan Israel.
27 Sang Prabu Akhas nuli kepareng aso nunggil karo leluhure lan kasarekake ana ing kutha, ana ing Yerusalem, nanging ora kasarekake ing pasareane para ratu Israel. Pangeran Hizkia, kang putra, banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.