2 Babad 15 JAV

Sang Prabu Asa nganakake owah-owahan

15:1-19

1 Kacarita Nabi Azarya, bin Odhed katedhakan ing Rohing Allah,

2 banjur seba marang ing ngarsane Sang Prabu Asa sarta munjuk marang panjenengane: “Kawula aturi miyarsakaken dhumateng kawula, dhuh Sang Prabu Asa tuwin Yehuda saha Benyamin sadaya! Pangeran Yehuwah badhe nganthi dhumateng paduka sadaya uger paduka sami ndherek ing Panjenenganipun. Manawi paduka sami ngupadosi Panjenenganipun, Panjenenganipun rena, samangsa paduka sowani. Nanging manawi paduka sami nyingkur dhateng Panjenenganipun, badhe tinilar ing Panjenenganipun.

3 Sampun ndangu sanget Israel anggenipun tampa Gusti Allah ingkang leres, tanpa piwulang saking imam saga tanpa angger-angger.

4 Nanging ing salebeting karupekan sami mratobat dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel. Sami ngupadosi Panjenenganipun, Panjenenganipun inggih rena dipun sowani.

5 Nalika samanten boten wonten tiyang ingkang saged kekesahan lan mantuk kanthi wilujeng, amargi sakathahing tiyang ingkang manggen ing dhaerah-dhaerah sami ngalami kawontenan ingkang ruwet,

6 bangsa-bangsa sami gecak-ginecak, kitha-kitha sami risak-rinisak, awit sami kakisruhaken dening Gusti Allah kanthi karupekan mawarni-warni.

7 Nanging paduka sadaya punika, sami kawula aturi santosa ing panggalih, sampun ngantos sami kendho, amargi paduka sami kacawisan pituwas!”

8 Bareng Sang Prabu Asa mudhanget atur pamecane Nabi Azarya bin Odhed mau, Sang Prabu banjur ngiyatake panggalihe lan nuli nyingkirake dewa-dewaning kanisthan saka ing saindenge tanah Yehuda lan Benyamin lan saka ing kutha-kutha kang karebut ana ing pagunungan Efraim. Misbyahing Yehuwah kang ana ing sangarepe srambining Padaleman Sucine Pangeran Yehuwah dianyarake.

9 Wong ing sawewengkone Yehuda lan Benyamin lan wong Efraim, Manasye lan Simeon kang neneka ana ing satengahe padha diklumpukake kabeh, amarga wong Israel nalika sumurup, manawa Sang Yehuwah, Gusti Allahe, nunggil kalawan Sang Prabu, akeh kang padha mbalik ngawula marang panjenengane.

10 Iku padha nglumpuk ana ing Yerusalem ing sasi kang katelu ing taun kang kaping limane paprentahane Sang Prabu Asa.

11 Ing dina iku wong-wong padha ngunjukake marang Pangeran Yehuwah sapi pitung atus lan wedhus pitung ewu saka jarahan kang kagawa mulih.

12 Padha nganakake prajanjian arep ngupaya Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure kalawan gumolonging ati lan gumulonging nyawane.

13 Saben wong, bocah utawa wong diwasa, lanang utawa wadon, kang ora ngupaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kudu diukum pati.

14 Padha sumpah bakal setya marang Sang Yehuwah kalawan swara sora, kambi surak-surak sarta karo ngunekake nafiri lan kalasangka.

15 Wong Yehuda padha bungah kabeh marga saka anane sumpah iku, awit anggone padha sumpah bakal setya kalawan gumolonging ati sarta arep ngupaya Pangeran Yehuwah kanthi kekarepan kang gumolong, Pangeran Yehuwah rena disowani wong-wong mau lan banjur maringi katentreman kang warata.

16 Malah Sang Prabu Asa uga nglungsur Sang Putri Maakha, kang eyang, saka ing kalenggahane ibusori, awit damel reca Asyera kang nistha, reca kang nistha iku dibrukake, didheplok nganti lembut lan banjur diobong ana ing lebak Kidron.

17 Sanadyan tengger-tengger pangurbanan ora disingkirake saka ing Israel, nanging panggalihe Sang Prabu Asa ing sajege sugenge mantep ing pamadhepe.

18 Panjenengane nglebetake pisungsung-pisungsunge suci kang rama lan pisungsung-pisungsunge suci piyambak marang ing padalemaning Allah, yaiku emas, selaka lan barang-barang liyane.

19 Nganti tekan ing taun kang kaping telung puluh limane paprentahane Sang Prabu Asa ora ana perang.