2 Babad 17 JAV

Sang Prabu Yosafat karajane kasantosakake

17:1-19

1 Pangeran Yosafat, kang putra, jumeneng ratu nggentosi panjenengane. Sarehne jumeneng dadi panuntuning Israel, Sang Prabu banjur ngudi supaya santosa;

2 saben kutha-beteng ing Yehuda didekeki wadya-bala lan ing tanah Yehuda sarta ing kutha-kutha ing Efraim kang wus karebat dening Sang Prabu Asa, kang rama, didekeki wadya-bala pendhudhukan.

3 Anadene Pangeran Yehuwah nunggil karo Sang Prabu Yosafat, amarga sugenge ngambah ing margine Sang Prabu Dawud, leluhure, tuwin ora ngupaya marang Baal,

4 nanging ngupaya marang Gusti Allahe kang eyange mau, sarta nglampahi pepakene apadene ora tumindak kaya Israel.

5 Awit saka iku karajan kang dikuwaosi kasantosakake dening Pangeran Yehuwah. Wong sa-Yehuda kabeh padha nyaosake pisungsung marang Sang Prabu Yosafat, satemah panjenengane banjur dadi sugih lan diluhurake banget.

6 Kalawan kencenging panggalih Sang Prabu anggone lumampah ing dalan pitedahing Yehuwah. Panjenengane uga nyingkirake sakehe tengger pangurbanan lan tugu brahala saka ing tanah Yehuda.

7 Ing taun kang katelune paprentahane, Sang Prabu utusan para panggedhene sawatara, yaiku Sang Obaja, Zakharia, Nataneel lan Sang Mikhaya, padha kadhawuhan mulang ana ing kutha-kutha ing tanah Yehuda.

8 Tindake dikantheni wong Lewi sawetara, yaiku Sang Semaya, Netanya, Zebaja, Asael, Semiramot, Yonatan, Adnia, Tobia lan Tob-Adhonia sarta Imam Elisama lan Imam Yoram.

9 Iku padha mulang ana ing tanah Yehuda kalawan nggawa kitab Torete Pangeran Yehuwah, padha mider-mider ana ing sakehe kutha ing tanah Yehuda kambi mulang rakyat.

10 Sakehe karajan ing nagara-nagara sakubenge Yehuda padha katempuh ing pagiris kang saka Pangeran Yehuwah, satemah padha ora wani perang nglawan Sang Prabu Yosafat.

11 Ing antarane wong Filisti ana kang ngaturake pisungsung marang Sang Prabu Yosafat lan salaka minangka bulu-bekti. Uga wong Arab padha misungsung wedhus, wedhus gembel lanang pitung ewu pitung atus lan wedhus berok lanang pitung ewu pitung atus.

12 Sang Prabu Yosafat saya suwe saya santosa, dadi santosa linuwih. Ana ing Yehuda panjenengane yasa beteng-beteng lan kutha-kutha pasimpenan.

13 Sang Prabu kagungan rerawatan akeh ana ing kutha-kutha ing tanah Yehuda.Para prajurit padha ana ing Yerusalem, kabeh iku prawira kang gagah prakosa.

14 Iki pratelane golongane manut kulawangsane; para panggedhe saka ing Yehuda Senapati Adna, kang mbawahake para prawira telung atus ewu, kang gagah prakosa.

15 Nuli Senapati Yohanan kang mbawahake wong rong atus wolung puluh ewu;

16 banjur Senopati Amasia bin Zikhri, kang kalawan legawa masrahake sarirane marang Pangeran Yehuwah, iku mbawahake para prawira rong atus ewu kang gagah prakosa.

17 Kang saka Benyamin yaiku Senapati Elyadha, sawijining gegedhug kang gagah prakosa, iku mbawahake wong rong atus ewu, kang sikep panah lan tameng.

18 Tumuli Senapati Yosabad, kang mbawahake wong satus wolung puluh ewu, kang sikep gegamaning perang.

19 Iku kang padha nyangga gawe kagem Sang Nata, dadi saliyane kang padha kapapanake dening Sang Prabu ana ing kutha-kutha beteng ing saindenging tanah Yehuda.