1 Rakyat ing nagara banjur ngaturi Pangeran Yoahas, putrane Sang Prabu Yosia, sarta kajumenengake ratu ana ing Yerusalem nggentosi kang rama.
2 Nalika jumeneng ratu iku Pangeran Yoahas yuswa telulikur taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem suwene telung sasi.
3 Sang Prabu nuli kalungsur saka anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem dening Sang Nata ing Mesir, sarta nagara iku kadhendha satus talenta selaka lan satalenta emas.
4 Sang Nata ing Mesir banjur njumenengake ratu Pangeran Elyakim, sadhereke Sang Prabu Yoahas, ngratoni Yehuda lan Yerusalem, sarta nyantuni asmane dadi Yoyakim. Nanging Sang Prabu Yoahas, sadhereke mau, katawan dening Sang Prabu Nekho, kabekta menyang ing Mesir.
5 Sang Prabu Yoyakim nalika jumeneng ratu mau yuswa salawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase sawelas taun. Sang Nata nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, Gusti Allahe.
6 Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing nagara Babil, nglurugi perang panjenengane; Sang Prabu Yoyakim banjur kablenggu nganggo rante tembaga lan kabekta menyang ing Babil.
7 Piranti ing padalemaning Pangeran Yehuwah ana sawatara kang uga kabekta dening Sang Prabu Nebukadnezar menyang ing Babil lan kadekek ana ing kadhatone ing Babil.
8 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoyakim, sakehe kanisthan kang katindakake lan kaluputan kang tinemu ana ing panjenengane, lah iku kabeh padha katulisan ana ing buku bab para ratu ing Israel lan ing Yehuda. Pangeran Yoyakhin, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.
9 Pangeran Yoyakhin nalika jumeneng ratu iku yuswa wolulas taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem, suwene telung sasi sepuluh dina. Sang Nata nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah.
10 Nalika gumantining taun Sang Prabu Nebukadnezar utusan mboyong panjenengane dalah piranti-piranti kang endah-endah kang ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah, menyang ing Babil sarta Pangeran Zedhekia sadhereke ramane Prabu Yoyakhin, tumuli kajumenengake ratu ing Yehuda lan Yerusalem.
11 Pangeran Zedhekia nalika jumeneng ratu iku yuswa selikur taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase sawelas taun.
12 Sang Prabu nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, Gustu Allahe lan ora ngesorake sarira ana ing ngarsane Nabi Yeremia, kang sowan kalawan ngemban dhawuhe Pangeran Yehuwah.
13 Sarta maneh panjenengane mbalela marang Sang Prabu Nebukadnezar, kang wus dhawuh marang panjenengane supaya supaos dhemi Allah. Sang Prabu Zedhekia ngakenake githoke lan mangkotake panggalihe sarta ora mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel.
14 Uga sakehe panggedhe ing antarane para imam lan rakyat padha bola-bali anggone ora setya kanthi patrap nindakake sakehe kanisthane bangsa-bangsa liya. Padaleman kang kasucekake dening Pangeran Yehuwah ana ing Yerusalem digawe najis.
15 Ewasamono Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, mawali-wali anggone paring pepenget lumantar para utusane, amarga saka tresnane marang umate lan papan padalemane.
16 Nanging wong-wong padha memoyoki para utusaning Allah mau, ngremehake pangandikaning Allah lan padha gawe geguyon marang para nabine. Mulane Pangeran Yehuwah banjur duka marang umate, nganti ora bisa lilih maneh.
17 Sang Yehuwah nuli ndhatengake ratune wong Kasdim, kang banjur nglawan marang wong-wong mau. Sang Prabu dhawuh mateni para jakane kalawan pedhang ana ing dalem pasucene, sarta ora ngatingalake pangemane marang jaka utawa prawan, wong tuwa utawa wong uwanen -- kabeh padha kaulungake dening Pangeran Yehuwah marang ing astane.
18 Sakehe piranti padalemaning Allah, kang gedhe lan kang cilik dalah raja-brana ing padalemaning Sang Yehuwah, raja-branane Sang Nata lan raja-branane para panggedhening wadya-balane, kabeh diusungi menyang ing Babil.
19 Padalemaning Allah diobong, temboke Yerusalem dirubuhake lan sakehe puri ing kutha padha diobongi kalawan geni, satemah padha sirna sakehe prabot kang endah-endah.
20 Wong kang isih ana kang ora ketaman ing pedhang, padha diboyongi menyang ing Babil, padha didadekake abdi tumbasane Sang Prabu lan abdi tumbasane para putrane, nganti tumeka karajan Persia kang nyekel pangwasa.
21 Kalawan mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah kang kalairake lumantar Nabi Yeremia wus kelakon, nganti tanah iku wus pulih saka ing kaanan katemahane anggone dilirwakake taun-taun sabate, amarga tanah mau cengkar salawase sabat nganti wus ganep pitung puluh taun.
22 Ing taun kang kawitane jamane Sang Prabu Koresy, ratu ing Nagara Persia, Pangeran Yehuwah ngebahake panggalihe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia mau -- iku supaya kelakona pangandikane kang kalairake lumantar Nabi Yeremia -- satemah banjur dhawuh ngundhangake ing saindenging karajane Sang Prabu Koresy, kanthi patrap lesan lan katulis pangumuman kang suraose mangkene:
23 “Mangkene dhawuhe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia: Sakehe karajan ing bumi wus kaparingake marang ingsun dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe saindenging langit. Panjenengane dhawuh marang ingsun supaya yasa padaleman kagem Panjenengane ana ing Yerusalem, kang ana ing Yehuda. Panunggalanira kang kagolong umate, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, muga nunggila kalawan wong iku -- iku sunparengake mulih!”