2 Babad 18 JAV

Prajanjiane Sang Prabu Yosafat karo Sang Prabu Akhab; pepenget saka Nabi Mikha lan Yehu

18:1-34

1 Bareng Sang Prabu Yosafat sugih lan kadunungan kaluhuran kang pinunjul, banjur bebesanan karo Sang Prabu Akhab.

2 Let sawetara taun panjenengane tindak martuwi Sang Prabu Akhab menyang Samaria. Sang Prabu Akhab nuli dhawuh nyembeleh wedhus lan sapi akeh kagem panjenengane lan para pandhereke sarta ngajak panjenengane nglurug menyang ing Ramot-Gilead.

3 Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel, ngandika marang Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda: “Punapa panjenengan karsa sesarengan kaliyan kula dhateng ing Ramot-Gilead?” Paring wangsulane: “Kita punika sami, kula kaliyan panjenengan, rakyat panjenengan kaliyan rakyat kula, kula badhe perang sesarengan kaliyan panjenengan!”

4 Nanging Sang Prabu Yosafat nuli ngandika marang Sang Nata ing Israel: “Prayoginipun ndangu rumiyin kados pundi dhawuhipun Pangeran Yehuwah.”

5 Sang Nata ing Israel tumuli nglempakake para nabi, kehe patang atus, iku banjur didangu dening Sang Prabu Akhab: “Apa ingsun diparengake nglurug perang nglawan Ramot-Gilead, apa prayoga diwurungake?” Kabeh padha munjuk: “Sumangga, kawula aturi nglurug! Gusti Allah badhe ngulungaken punika dhateng astanipun Sang Prabu.”

6 Nanging Sang Prabu Yosafat nuli ndangu: “Punapa ing ngriki boten wonten nabining Yehuwah malih, supados dados lantaran kita nyuwun pitedah?”

7 Paring wangsulane Sang Nata ing Israel marang Sang Prabu Yosafat: “Taksih wonten satunggal, ingkang saged dados lantaran nyuwun pitedah dhateng Pangeran Yehuwah. Nanging kula sengit dhateng piyambakipun, awit boten nate meca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung bilai. Tiyang punika nama Mikha bin Yimla.” Pangandikane Sang Prabu Yosafat: “Sang Prabu sampun ngandika makaten, ta.”

8 Sang Nata ing Israel tumuli nimbali sawijining punggawa kraton, pangandikane Sang Prabu: “Mikha bin Yimla iku dienggal paranana!”

9 Anadene Sang Nata ing Israel lan Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, padha lenggah ing dhampare piyambak-piyambak kalawan ngagem busana kaprabon, ana ing papan panuton ing sangarepe gapura ing Samaria, kaadhep dening para nabi kang padha memeca.

10 Zedhekia bin Kenaana gawe rerekan sungu wesi lan banjur matur: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Kalawan sungu iki sira bakal nyundhang Aram nganti sira sirnakake babar pisan.”

11 Sakehe nabi iku iya padha memeca mangkono, unjuke: “Sumangga, panjenengan dalem kawula aturi nglurug dhateng ing Ramot-Gilead, panjenengan dalem badhe angsal damel; Pangeran Yehuwah badhe ngulungaken punika dhateng ing astanipun Sang Prabu.”

12 Utusan kang kadhawuhan nimbali Nabi Mikha mau matur marang panjenengane: “Kauningana, para nabi sampun sami saiyeg nglairaken pameca ingkang sae tumrap Sang Prabu, milanipun panjenengan mugi inggih karsaa ngandika kadosdene salah satunggaling nabi punika saha memeca ingkang sae.”

13 Nanging Nabi Mikha mangsuli, pangandikane: “Dhemi Pangeran Yehuwah kang gesang, lah apa kang bakal dipangandikakake dening Gusti Allahku, iku kang bakal dakucapake.”

14 Bareng wus sowan ing ngarsane Sang Nata, Sang Prabu ndangu marang panjenengane: “Mikha, apa ingsun padha kalilan nglurug perang nglawan Ramot-Gilead apa iku sunwurungake?” Atur wangsulane: “Sumangga, kawula aturi tindak nglurug, paduka badhe angsal damel, sabab sami badhe kaulungaken dhateng ing asta paduka!”

15 Nanging Sang Nata banjur ngandika marang panjenengane: “Nganti ping pira ingsun dhawuh sumpah marang sira, supaya sira mung ngaturake marang ingsun ing sabenere bae?”

16 Unjuke Nabi Mikha: “Kawula sampun ningali wadya-bala Israel sami pating slebar sadaya wonten ing redi-redi kadosdene menda ingkang boten wonten pangenipun, milanipun Sang Yehuwah ngandika: Wong iku ora padha duwe gusti. Awit saka iku kareben padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe kalawan slamet.”

17 Sang Nata ing Israel nuli ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Kula rak sampun matur dhateng panjenengan: Boten nate tiyang punika memeca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung bab bilai thok?”

18 Unjuke Nabi Mikha: “Pramila paduka mugi karsaa midhangetaken pangandikaning Yehuwah. Kawula ningali Pangeran Yehuwah lenggah ing dhamparipun sarta wadya-bala ing swarga sami ngadeg sadaya ing sakiwa tengenipun.

19 Pangeran Yehuwah ngandika: Sapa kang ngrimuk Akhab, ratu ing Israel, supaya nglurug perang lan banjur tiwas ana ing Ramot-Gilead? Ingkang satungal munjuk makaten, satunggalipun munjuk makaten.

20 Lajeng wonten satunggaling roh ingkang majeng saha lajeng ngadeg wonten ing ngarsaning Yehuwah sarta munjuk: Kawula ingkang badhe ngrimuk. Sang Yehuwah ndangu: Sarana apa?

21 Atur wangsulanipun: Kawula badhe kesah lan dados roh doracara wonten ing cangkemipun sakathahing nabinipun. Pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira ngrimuka dheweke, sira bakal oleh gawe. Sira mangkata lan nglakonana mangkono!

22 Dene sapunika, lah Pangeran Yehuwah sampun nganjingaken roh doracara wonten ing cangkemipun para nabi paduka, awit Pangeran Yehuwah sampun mutus badhe ndhawahaken bilai dhumateng paduka.”

23 Ing kono Zedhekia bin Kenaana banjur maju lan napuk Nabi Mikha kalawan ngucap mangkene: “Kepriye bisane tumindak, Rohe Sang Yehuwah kok pindhah saka aku lan banjur mangandikani kowe?”

24 Nanging Nabi Mikha mangsuli, pangandikane: “Lah kowe bakal nyumurupi bab iku samangsa kowe lumayu ndhelik saka ing kamar kang siji menyang ing kamar sijine.”

25 Sang Nata ing Israel nuli dhawuh: “Cekelen Mikha iki, gawanen bali marang Amon, panggedhening kutha lan marang Yoas, putrane Sang Prabu,

26 sarta mratelakna: Makaten dhawuhipun Sang Prabu: Wong iki lebokna ing pakunjaran tuwin wenehana mangan roti lan ngombe banyu kang sarwa sathithik, nganti ingsun kondur kanthi slamet.”

27 Nanging Nabi Mikha munjuk: “Manawi saestu, paduka kondur kanthi wilujeng, Pangeran Yehuwah temtu boten nglairaken pangandika lumantar kawula!” Tumuli nyambeti maneh: “Padha ngrungokna, he bangsa-bangsa kabeh!”

28 Sawuse mangkono Sang Nata ing Israel lan Sang Prabu Yosafat ratu ing Yehuda nuli tindak nglurug menyang ing Ramot-Gilead.

29 Sang Nata ing Israel ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Kula badhe nyamur lampah lan lumebet dhateng ing papan paperangan, nanging panjenengan kula aturi ngagem busananing kaprabon.” Sang Nata ing Israel banjur nyamur lampah lan tumuli padha lumebu ing papan paperangan.

30 Anadene ratu ing nagara Aram wis paring dhawuh marang para panggedhening wadya-bala kretan, mangkene: “Sira aja padha merangi sadhengah wong, nanging ngemungna nglawan perang ratune bangsa Israel bae.”

31 Bareng para tetindhihing wadya-bala kretan ndeleng Sang Prabu Yosafat, banjur enggal padha ngucap: “Iku ratu Israel!” Sang Prabu Yosafat nuli dikepung arep ditempuh, nanging Sang Prabu Yosafat banjur nguwuh-uwuh lan Pangeran Yehuwah tumuli paring pitulungan marang panjenengane. Gusti Allah ngundurake para tetindhih mau saka ing panjenengane.

32 Bareng iku padha sumurup, manawa dudu Sang Nata ing Israel, nuli padha mundur saka ing ngarsane.

33 Nanging banjur ana sawijining wong kang menthang gandhewa lan nglepasake panah kalawan tanpa tujuan, tuwin ngenani Sang Nata ing Israel pener ing sambunganing pangagemane kere. Sang Prabu nuli ngandika marang kang ngusiri kreta tetindhihe: “Kendhaline ingerna, ingsun gawanen metu saka ing paperangan, sabab ingsun wus ketaton.”

34 Nanging campuhing perang ing dina iku saya nggegirisi, sarta Sang Nata ing Israel tetep jumeneng ana ing kreta titihane adhep-adhepan karo wong Aram nganti sore. Bareng srengenge surup, Sang Prabu Seda.