2 Babad 10:11-17 JAV

11 Mulane saiki, yen ramaningsun wus paring marang sira kabeh tetanggungan kang abot, nanging ingsun bakal muwuhi tetanggunganira; ramaningsun wus ngajar sira kalawan sambuk, nanging ingsun bakal nganjar sira kalawan cemethi kang mawa eri wesi.”

12 Bareng ing telung dinane Yerobeam lan rakyat kabeh padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Rehabeam, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Prabu: “Padha sowana ing ngarsaningsun maneh besuk emben.”

13 Sang Prabu Rehabeam anggone paring wangsulan kalawan keras; panjenengane nglirwakake marang rembuge para pinituwa;

14 wong-wong padha dipangandikani miturut rembuge para nonoman: “Ramaningsun wus ndadekake aboting sesangganira kabeh, nanging iku bakal sunwewahi; sira padha diajar dening ramanigsun kalawan sambuk, nanging ingsun bakal ngajar sira kabeh kalawan cemethi kang mawa eri wesi.”

15 Dadine Sang Prabu ora karsa minangkani panyuwuning rakyat, sabab lelakon iki wus manut pepesthening Allah, supaya Pangeran Yehuwah netepi pangandikane lumantar Nabi Ahia, wong Silo, marang Yerobeam bin Nebat.

16 Bareng wong Israel kabeh sumurup, manawa Sang Nata ora karsa minangkani panyuwune, rakyat banjur matur marang Sang Prabu:“Kita angsal panduman punapa saking Dawud?Kita boten angsal warusan saking anakipun Isai!Padha balia menyang ing tarubmu dhewe-dhewe he, wong Israel!Saiki urusen dhewe omahmu, he Dawud!”Wong Israel kabeh banjur padha lunga mulih menyang ing tarube,

17 satemah Sang Prabu Rehabeam mung ngratoni wong Israel kang padha manggon ing kutha-kuthane Yehuda.