6 Sawuse mangkono Sang Prabu Rehabeam banjur mundhut pamrayoga marang para pinituwa kang ing salawase sugenge Sang Prabu Suleman padha ngamping-ampingi Sang Prabu Suleman, kang rama, pangandikane: “Kapriye pamrayoganira, kapriye anggoningSun mangsuli marang wong-wong iku?”
7 Ature marang panjenengane: “Manawi tangkep paduka sae dhateng rakyat punika, karsa damel senenging manahipun saha karsa paring pangandika ingkang ngresepaken, tiyang-tiyang wau temtu lajeng sami dados abdi paduka ing salaminipun.”
8 Nanging Sang Prabu ora karsa ndhahar atur pamrayogane para pinituwa mau lan tumuli mundhut rembuge para nonoman barakane kang padha ngamping-ampingi panjenengane,
9 mangkene pangandikane: “Kapriye pamrayoganira, kapriye anggon kita mangsuli marang rakyat kang matur marang ingsun: Paduka mugi karsaa ngenthengaken tetanggelan ingkang kaparingaken dhumateng kawula sadaya dening rama dalem.”
10 Para nonoman kang sabarakan kalawan panjenengane mau tumuli padha munjuk: “Tiyang-tiyang ingkang sami matur dhumateng panjenengan dalem: Rama dalem sampun ngawrataken tetanggelanipun dalem, nanging panjenengan dalem mugi karsaa ngenthengaken, punika sumangga kaparingana wangsulan makaten: Jenthikingsun luwih gedhe tinimbang bangkekane ramaningsun.
11 Mulane saiki, yen ramaningsun wus paring marang sira kabeh tetanggungan kang abot, nanging ingsun bakal muwuhi tetanggunganira; ramaningsun wus ngajar sira kalawan sambuk, nanging ingsun bakal nganjar sira kalawan cemethi kang mawa eri wesi.”
12 Bareng ing telung dinane Yerobeam lan rakyat kabeh padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Rehabeam, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Prabu: “Padha sowana ing ngarsaningsun maneh besuk emben.”