4 Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira aja padha nglurug lan perang nglawan para sadulurira. Sira padha muliha menyang ing omahira dhewe-dhewe, sabab Ingsun kang karya lelakon iki.” Wong kabeh padha ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah lan banjur padha mulih ora nglurugi perang Yerobeam.
5 Sang Prabu Rehabeam akedhaton ana ing Yerusalem lan nyantosani kutha-kutha beteng ing Yehuda.
6 Kang disantosani Betlehem, Etam, Tekoa,
7 Bet-zur, Sokho, Adulam,
8 Gat, Mares, Zif,
9 Adoraim, Lakhis, Azeka,
10 Zora, Ayalon lan Hebron, kang dumunung ana ing Yehuda lan ing Benyamin, padha kadadekake kuta-beteng.