6 Kang disantosani Betlehem, Etam, Tekoa,
7 Bet-zur, Sokho, Adulam,
8 Gat, Mares, Zif,
9 Adoraim, Lakhis, Azeka,
10 Zora, Ayalon lan Hebron, kang dumunung ana ing Yehuda lan ing Benyamin, padha kadadekake kuta-beteng.
11 Kutha-kutha beteng iku padha disantosani lan didekeki panggedhene wadya-bala lan tandhon pangan, lenga lan anggur;
12 saben kutha uga dicawisi tameng lan tumbak. Kutha-kutha mau padha disantosani banget. Kaya mangkono dadine Yehuda lan Benyamin iku dikwaosi dening panjenengane.