3 kalawan kreta sewu rong atus lan wadya-bala jaranan sawidak ewu, dene rakyat kang ndherek saka ing Mesir cacahe tanpa wilangan, yaiku wong Libia, wong Suki lan wong Etiopia.
4 Kutha-kutha beteng ing Yehuda padha karebut dening Sang Prabu, malah banjur wus cedhak karo Yerusalem.
5 Ing kono Nabi Semaya banjur manggihi Sang Prabu Rehabeam lan para panggedhene Yehuda, kang padha nglumpuk ana ing Yerusalem, amarga saka pangancame Sang Prabu Sisak, sarta matur mangkene: “Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira wus padha ninggal marang Ingsun, mulane Ingsun iya nilar sira kabeh ana ing pangwasane Sisak.”
6 Para panggedhe Israel lan Sang Nata banjur padha nalangsa sarta ngandika: “Pangeran Yehuwah iku kang leres!”
7 Bareng Sang Yehuwah mirsa, manawa wong-wong padha nalangsa, banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Semaya, surasane mangkene: “Wong-wong iku wus padha ngesorake awake, mulane ora bakal Sunsirnakake, bakal enggal Sunluwari lan mulad-mulading bebenduningSun ora bakal kaesokake marang Yerusalem lumantar Sisak.
8 Nanging bakal padha dadi bature, supaya padha bisaa mbedakake ngabekti marang Ingsun karo sujud marang karajan-karajan ing donya.”
9 Sang Prabu Sisak ratu ing Mesir, banjur nglurugi lan nempuh Yerusalem. Prabot-prabot ing padalemaning Yehuwah lan raja-brana ing kraton pada kajarah; kabeh padha karayahan. Sang Prabu uga mundhuti tameng-tameng emas yasane Sang Prabu Suleman.