1 Sawuse mangkono Sang Prabu Abia banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure sarta nuli kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Pangeran Asa, kang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane. Ing nalika jaman paprentahane nagara tentrem lawase sepuluh taun.