12 Pangeran Yehuwah banjur ngawonake para wong Etiopia iku ana ing ngarsane Sang Prabu Asa lan ing ngarepe Yehuda. Wong Etiopia padha keplayu,
13 tumuli kaoyak dening Sang Prabu Asa sawadya-balane nganti tekan ing Gerar. Wong Etiopia akeh kang tiwas, ora ana kang lestari urip, awit padha sirna ana ing ngarsaning Yehuwah lan ana ing ngarepe wadya-balane.
14 Sakehe kutha ing sakubenge Gerar padha kabedhah, amarga kang manggon padha katempuh ing pagirising Yehuwah. Kabeh kutha mau padha kajarahan, awit akeh banget jarahane.
15 Dalasan tendha-tendhane wong kang padha ngingu raja-kaya uga direbut sarta akeh wedhus lan unta kang padha dibandhangi minangka jarahan. Nuli padha bali menyang ing Yerusalem.