1 Kacarita Nabi Azarya, bin Odhed katedhakan ing Rohing Allah,
2 banjur seba marang ing ngarsane Sang Prabu Asa sarta munjuk marang panjenengane: “Kawula aturi miyarsakaken dhumateng kawula, dhuh Sang Prabu Asa tuwin Yehuda saha Benyamin sadaya! Pangeran Yehuwah badhe nganthi dhumateng paduka sadaya uger paduka sami ndherek ing Panjenenganipun. Manawi paduka sami ngupadosi Panjenenganipun, Panjenenganipun rena, samangsa paduka sowani. Nanging manawi paduka sami nyingkur dhateng Panjenenganipun, badhe tinilar ing Panjenenganipun.
3 Sampun ndangu sanget Israel anggenipun tampa Gusti Allah ingkang leres, tanpa piwulang saking imam saga tanpa angger-angger.
4 Nanging ing salebeting karupekan sami mratobat dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel. Sami ngupadosi Panjenenganipun, Panjenenganipun inggih rena dipun sowani.
5 Nalika samanten boten wonten tiyang ingkang saged kekesahan lan mantuk kanthi wilujeng, amargi sakathahing tiyang ingkang manggen ing dhaerah-dhaerah sami ngalami kawontenan ingkang ruwet,
6 bangsa-bangsa sami gecak-ginecak, kitha-kitha sami risak-rinisak, awit sami kakisruhaken dening Gusti Allah kanthi karupekan mawarni-warni.
7 Nanging paduka sadaya punika, sami kawula aturi santosa ing panggalih, sampun ngantos sami kendho, amargi paduka sami kacawisan pituwas!”