4 Nanging ing salebeting karupekan sami mratobat dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel. Sami ngupadosi Panjenenganipun, Panjenenganipun inggih rena dipun sowani.
5 Nalika samanten boten wonten tiyang ingkang saged kekesahan lan mantuk kanthi wilujeng, amargi sakathahing tiyang ingkang manggen ing dhaerah-dhaerah sami ngalami kawontenan ingkang ruwet,
6 bangsa-bangsa sami gecak-ginecak, kitha-kitha sami risak-rinisak, awit sami kakisruhaken dening Gusti Allah kanthi karupekan mawarni-warni.
7 Nanging paduka sadaya punika, sami kawula aturi santosa ing panggalih, sampun ngantos sami kendho, amargi paduka sami kacawisan pituwas!”
8 Bareng Sang Prabu Asa mudhanget atur pamecane Nabi Azarya bin Odhed mau, Sang Prabu banjur ngiyatake panggalihe lan nuli nyingkirake dewa-dewaning kanisthan saka ing saindenge tanah Yehuda lan Benyamin lan saka ing kutha-kutha kang karebut ana ing pagunungan Efraim. Misbyahing Yehuwah kang ana ing sangarepe srambining Padaleman Sucine Pangeran Yehuwah dianyarake.
9 Wong ing sawewengkone Yehuda lan Benyamin lan wong Efraim, Manasye lan Simeon kang neneka ana ing satengahe padha diklumpukake kabeh, amarga wong Israel nalika sumurup, manawa Sang Yehuwah, Gusti Allahe, nunggil kalawan Sang Prabu, akeh kang padha mbalik ngawula marang panjenengane.
10 Iku padha nglumpuk ana ing Yerusalem ing sasi kang katelu ing taun kang kaping limane paprentahane Sang Prabu Asa.