9 Wong ing sawewengkone Yehuda lan Benyamin lan wong Efraim, Manasye lan Simeon kang neneka ana ing satengahe padha diklumpukake kabeh, amarga wong Israel nalika sumurup, manawa Sang Yehuwah, Gusti Allahe, nunggil kalawan Sang Prabu, akeh kang padha mbalik ngawula marang panjenengane.
10 Iku padha nglumpuk ana ing Yerusalem ing sasi kang katelu ing taun kang kaping limane paprentahane Sang Prabu Asa.
11 Ing dina iku wong-wong padha ngunjukake marang Pangeran Yehuwah sapi pitung atus lan wedhus pitung ewu saka jarahan kang kagawa mulih.
12 Padha nganakake prajanjian arep ngupaya Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure kalawan gumolonging ati lan gumulonging nyawane.
13 Saben wong, bocah utawa wong diwasa, lanang utawa wadon, kang ora ngupaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kudu diukum pati.
14 Padha sumpah bakal setya marang Sang Yehuwah kalawan swara sora, kambi surak-surak sarta karo ngunekake nafiri lan kalasangka.
15 Wong Yehuda padha bungah kabeh marga saka anane sumpah iku, awit anggone padha sumpah bakal setya kalawan gumolonging ati sarta arep ngupaya Pangeran Yehuwah kanthi kekarepan kang gumolong, Pangeran Yehuwah rena disowani wong-wong mau lan banjur maringi katentreman kang warata.