2 Babad 16:3-9 JAV

3 “Kula kaliyan panjenengan rak ngawontenaken prajanjian, makaten ugi rama kula kaliyan ingkang rama. Punika kula ngintunaken jene kaliyan selaka dhumateng panjenengan. Sumangga, kula aturi mbatalaken prajanjian panjenengan kaliyan Baesa, ratu ing Israel, supados mundur saking wewengkon kula.”

4 Sang Prabu Benhadad karsa minangkani pamundhute Sang Prabu Asa banjur dhawuh marang para tetindhihing wadya-bala supaya padha nempuh kutha-kutha Israel. Iku nuli padha ngalahake Iyon, Dhan, Abel-Maim lan sakehe papan pasimpenan ing kutha-kutha ing Naftali.

5 Bareng Sang Prabu Baesa midhanget bab iku, banjur kendel anggone nyantosani kutha Rama, medhot padamelane.

6 Sang Prabu Asa nuli ngerigake wong Yehuda kabeh kadhawuhan ngangkati watu lan kayu kang diagem Sang Prabu Baesa kanggo nyantosani kutha Rama. Iku padha diagem Sang Prabu Asa kanggo nyantosani Geba lan Mizpa.

7 Ing nalika iku Hanani, wong sidik, sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda, lan munjuk: “Ing sarehne panjenengan dalem sumendhe dhateng ratu ing Aram, boten dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah dalem, milanipun wadya-bala ing Aram oncat saking asta dalem.

8 Balanipun tiyang Etiopia saha Libia rak kathah, karetanipun saha balanipun kapalan rak kathah sanget? Ewasamanten sami kaulungaken dening Pangeran Yehuwah dhateng ing asta dalem, amargi panjenengan dalem sumendhe dhateng Panjenengipun.

9 Awit paningaling Yehuwah punika ndlajahi ing salumahing bumi prelu badhe ngluberaken pangwaosipun dhateng para tiyang ingkang kaliyan terusing manah madhep dhateng ing Panjenenganipun. Gegayutan kaliyan bab punika panjenengan dalem sampun tumindak tanpa budi, milanipun wiwit ing sapunika panjenengan dalem badhe tansah ngalami peperangan.”