2 Babad 19:2-8 JAV

2 Nalika iku Nabi Yehu bin Hanani, wong sidik, tindak manggihi Sang Prabu Yosafat lan munjuk marang panjenengane: “Punapa leres paduka mitulungi tiyang duraka saha memitran kaliyan tiyang ingkang sami sengit dhateng Pangeran Yehuwah? Margi saking prakawis punika Pangeran Yehuwah duka dhateng paduka.

3 Nanging taksik wonten bab-bab ingkang sae ingkang pinanggih wonten ing paduka, amargi paduka nyingkiraken tugu-tugu brahala saking ing nagari punika saha ngupadosi Gusti Allah kalayan temen-temen.”

4 Sang Prabu Yosafat akedhaton ana ing Yerusalem. Panjenengane tindak mider-mider ing wilayah-wilayah, wiwit saka ing Bersyeba nganti tekan ing pagunungan Efraim kalawan dhawuh supaya rakyat padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.

5 Sang Nata uga ngedegake hakim ana ing saindenging nagara, yaiku ing sakehe kutha-beteng ing Yehuda, ing saben kutha.

6 Para hakim iku padha kaparingan piweling mangkene: “Apa kang sira tindakake iku katimbang-timbanga, amarga anggonira padha nindakake pangadilan iku ora kanggo manungsa, nanging kagem Pangeran Yehuwah, kang celak kalawan sira, manawa sira padha nindakake pangadilan.

7 Mulane sira muga padha kalimputana ing rasa wedi marang Sang Yehuwah. Sira padha tumindaka kalawan ngati-ati, awit pratingkah culika, ngeloni utawa nampani besel iku ora tinemu ana ing Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”

8 Ana ing Yerusalem Sang Prabu Yosafat uga ngangkat wong Lewi, para imam lan para leluhuring kulawangsa Israel sawetara padha kadhawuhan aweh putusan ing bab angger-anggering Yehuwah lan ing bab para-padu. Iku padha manggon ana ing Yerusalem,