6 Para hakim iku padha kaparingan piweling mangkene: “Apa kang sira tindakake iku katimbang-timbanga, amarga anggonira padha nindakake pangadilan iku ora kanggo manungsa, nanging kagem Pangeran Yehuwah, kang celak kalawan sira, manawa sira padha nindakake pangadilan.
7 Mulane sira muga padha kalimputana ing rasa wedi marang Sang Yehuwah. Sira padha tumindaka kalawan ngati-ati, awit pratingkah culika, ngeloni utawa nampani besel iku ora tinemu ana ing Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”
8 Ana ing Yerusalem Sang Prabu Yosafat uga ngangkat wong Lewi, para imam lan para leluhuring kulawangsa Israel sawetara padha kadhawuhan aweh putusan ing bab angger-anggering Yehuwah lan ing bab para-padu. Iku padha manggon ana ing Yerusalem,
9 sarta padha didhawuhi mangkene: “Sira kudu padha tumindak kalawan wedi asih marang Pangeran Yehuwah, kalawan setya lan tulusing ati, lire mangkene:
10 Ing saben prakara kang diajokake marang sira dening para sadulurira kang padha manggon ing kutha, yaiku prakara ngwutahake getih, utawa bab angger-angger dhedhawuhan, katetepan lan pranatan, wong-wong iku padha sira elingna, supaya aja nganti kaluputan marang Pangeran Yehuwah, satemah sira lan para sadulurira padha katempuh ing bebendune. Padha tumindaka mangkono, sira ora bakal padha kaluputan.
11 Lah Imam Agung Amarya iku kang sunangkat dadi lelurahira tumrap ing sakehe prakara kang gegayutan karo Gusti Allah lan Zebaja bin Ismael, pangareping turune Yehuda, tumrap sakehe prakara karajan, dene wong Lewi bakal padha mbiyantu sira dadi juru ngatur. Padha tumindaka kalawan kenceng! Muga Pangeran Yehuwah nunggala kalawan wong kang tumemen.”