2 Babad 2:4-10 JAV

4 Kauningana, kula badhe yasa padaleman kagem ing asmanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kula, dadosa sesengkeranipun, supados ing ngarsanipun kabesmia dupa anggi-anggi arum, sarta sesaos roti ajegan tuwin kurban obaran enjing sonten, ing dinten-dinten Sabat lan ing wulan-wulan enggal, punapadene ing riyaya-riyaya ingkang katetepaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kula, amargi sadaya wau dados kuwajibanipun tiyang Israel ing salami-laminipun.

5 Wondene padaleman ingkang badhe kula yasa punika kedah ageng, amargi Gusti Allah kula punika langkung luhur tinimbang sakathahing allah.

6 Nanging sinten ingkang kadugi ngyasakaken padaleman Panjenenganipun, awit sanadyan langit malah langit ing sanginggiling sakathahipun langit inggih boten saged ngewrat Panjenenganipun? Mangka kula punika sinten ta, dene kula kok badhe yasa satunggaling padaleman kagem Panjenenganipun, rak namung panggenan kangge mbesmi kurban wonten ing ngarsanipun?

7 Milanipun sapunika, panjenengan mugi karsaa ngintunaken satunggaling tiyang ingkang ahli ing bab dedamelan jene, selaka, tembagi, tosan, kain wungu enem, badhe jingga, badhe wungu sepuh, saha ingkang ugi saged damel ukir-ukiran, supados mbiyantu para ahli ingkang wonten ing kula, ing Yehuda saha ing Yerusalem ingkang sampun sami tinuding rama kula Dawud.

8 Kajawi punika ugi karsaa maringi kajeng eres, kajeng beros saha kajeng cendhana saking ing redi Libanon, awit kula mangretos, bilih ingkang abdi sami pinter negor wit ing Libanon. Dene para tiyang kula badhe mbiyantu para abdi panjenengan

9 supados kula kacawisan kajeng ingkang kathah, amargi padaleman ingkang badhe kula yasa punika kedah ageng tuwin ngedab-edabi.

10 Wondene para tiyang ingkang sami negori wit punika badhe kula cadhongi gandum kalih dasa ewu kor, seir kalih dasa ewu kor, anggur kalih dasa ewu bat, saha lisah kalih dasa ewu bat, minangka bahan tedha kangge para abdi wau.”