1 Sawuse iku bani Moab lan bani Amon nglurug perang nglawan Sang Prabu Yosafat, bebarengan karo wadya-bala bangsa Meunim sabregada.
2 Nuli ana wong kang ngaturi uninga marang Sang Prabu Yosafat: “Wonten wadya-bala ageng ingkang dhateng saking sabrangipun Seganten Asin, saking Edom, ingkang nglurugi gusti kawula. Sapunika wonten ing Hazezon-Tamar,” yaiku En-Gedi.
3 Sang Prabu Yosafat dadine ajrih lan banjur mutus arep ngupaya Pangeran Yehuwah sarta ngundhangake pasa ing satanah Yehuda kabeh.
4 Wong Yehuda tumuli padha nglumpuk sumedya nyuwun pitulunganing Yehuwah, padha teka saka ing sakehe kutha ing Yehuda arep ngupaya Pangeran Yehuwah.
5 Sang Prabu Yosafat banjur jumeneng ana ing satengahe pasamuwane wong Yehuda lan Yerusalem ana ing padalemaning Yehuwah, ana ing sangarepe plataran kang anyar
6 sarta munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula sadaya, Paduka punapa sampun boten jumeneng Gusti Allah wonten ing swarga? Paduka punapa sanes ingkang ngwaosi sadaya karajaning bangsa? Paduka ingkang kadunungan pangwaos saha kakiyatan, satemah boten wonten tiyang ingkang keconggah nglawan Paduka.