10 Dene sapunika, lah punika bani Amon tuwin bani Moab sarta para tiyang saking ing pareden Seir! Nalika tiyang Israel dhateng saking tanah Mesir, Paduka boten marengaken sami lumebet ing nagarinipun. Awit saking punika lajeng dipun tebihi saha boten dipun sirnakaken.
11 Lah minangka piwales tiyang-tiyang punika sami dhateng tuwin badhe ngesahaken kawula sadaya saking ing tanah pusaka ingkang sampun Paduka warisaken dhumateng kawula sadaya.
12 Dhuh Allah kawula, punapa Paduka boten badhe paring paukuman dhateng tiyang-tiyang punika? Awit kawula sami boten gadhah kakiyatan kangge nanggulangi wadya-bala ingkang ageng, ingkang badhe nempuh kawula sadaya punika. Kawula sami boten sumerep, punapa ingkang kedah sami kawula lampahi, nanging mripat kawula tumenga dhumateng Paduka.”
13 Ing nalika iku wong Yehuda kabeh padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, dalah brayate kalawan anak bojone kabeh.
14 Ing kono Yahaziel bin Zakharia bin Benaya in Matanya, wong Lewi saka turune Asaf, banjur katedhakan ing Rohe Sang Yehuwah ana ing satengahe pasamuwan,
15 lan nguwuh-uwuh: “Sami mirengna, dhuh para sadherek ing Yehuda sadaya tuwin para ingkang manggen ing Yerusalem saha Gusti kawula Sang Prabu Yosafat; makaten pangandikaning Yehuwah dhumateng panjenengan sadaya: Sira aja padha wedi lan aja padha giris marang bala kang gedhe iki, amarga dudu sira, nanging Gusti Allah kang bakal perang.
16 Sesuk sira padha medhuna, mapagna marang wong-wong iku. Iku bakal padha munggah menyang ing unggah-unggahan ing Zis sarta sira bakal padha katemu karo wong-wong iku ana ing pungkasaning lebak ing sangarepe pasamunan Yeruel.