2 Babad 20:15-21 JAV

15 lan nguwuh-uwuh: “Sami mirengna, dhuh para sadherek ing Yehuda sadaya tuwin para ingkang manggen ing Yerusalem saha Gusti kawula Sang Prabu Yosafat; makaten pangandikaning Yehuwah dhumateng panjenengan sadaya: Sira aja padha wedi lan aja padha giris marang bala kang gedhe iki, amarga dudu sira, nanging Gusti Allah kang bakal perang.

16 Sesuk sira padha medhuna, mapagna marang wong-wong iku. Iku bakal padha munggah menyang ing unggah-unggahan ing Zis sarta sira bakal padha katemu karo wong-wong iku ana ing pungkasaning lebak ing sangarepe pasamunan Yeruel.

17 Ing sajroning peperangan iki sira ora usah padha perang. He Yehuda lan Yerusalem, padha ngadega bae ana ing papanira, lan padha ndelenga kepriye anggone Pangeran Yehuwah paring kaunggulan marang sira. Sesuk sira padha mapagna wong-wong iku, Pangeran Yehuwah bakal nunggil kalawan sira kabeh.”

18 Sang Prabu Yosafat banjur jengkeng, wedanane konjem ing lemah. Wong Yehuda kabeh lan para wong kang manggon ing Yerusalem uga padha sujud ana ing ngarsaning Yehuwah sarta padha nyembah marang Panjenengane.

19 Wong Lewi saka bani Kehat lan bani Korakh banjur padha ngadeg lan ngrepekake kidung pamuji kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel kalawan swara kang seru banget.

20 Esuke uthuk-uthuk wus padha lumebu menyang ing pasamunan ing Tekoa. Nalika arep padha mangkat, Sang Prabu Yosafat jumeneng lan ngandika: “Padha ngrungokna, he Yehuda lan wong Yerusalem! Sira padha pracayaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, lan sira bakal padha tetep santosa! Padha pracayaa marang para nabine lan sira bakal padha oleh gawe!”

21 Bareng wus mundhut pamrayogane rakyat, Sang Prabu banjur ngangkat wong kang bakal padha ngrepekake kekidungan kagem Pangeran Yehuwah sarta memuji marang Pangeran Yehuwah kalawan nganggo sandhangan suci kang mencorong, nalika padha lumaku ana ing ngarepe wong kang padha sikep gegaman, kalawan celathu:“Padha ngrepekna kidung panuwun kagem Sang Yehuwah awit sih-susetyane iku langgeng ing salawase!”