1 Wasana Sang Prabu Yosafat kepareng aso nunggil karo para leluhure, lan banjur kasarekake ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Dene Pangeran Yoram, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.
2 Anadene para sadhereke, para putrane Sang Prabu Yosafat, yaiku: Pangeran Azarya, Pangeran Yehiel, Pangeran Zakharya, Pangeran Azariahu, Pangeran Mikhael lan Pangeran Sefaca. Iku kabeh padha putrane Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda.
3 Kabeh padha tampa peparing akeh saka kang rama, arupa emas, selaka lan barang-barang kang pangaji, uga kutha-kutha beteng ing Yehuda. Mung bae kalenggahaning ratu kaparingake marang Pangeran Yoram, amarga iku putra pambajeng.
4 Bareng Sang Prabu Yoram ngasta paprentahan ing karajane kang rama lan rumaos santosa, Sang Prabu banjur nyedani para sadhereke kabeh kalawan pedhang, uga para panggedhening Israel sawatara.