10 Kaya mangkono Edom anggone mbalela marang pangwasane Yehuda lan banjur mardika nganti saprene. Ing nalika samana Libna uga mbalela marang pangwasane Yehuda. Mulane mangkono sabab Sang Nata nilar Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.
11 Sarta maneh panjenengane yasa tengger-tengger pangurbanan ana ing gunung-gunung ing tanah Yehuda. Wong kang padha manggon ing Yerusalem padha dibujuk supaya laku jina lan wong Yehuda padha disasarake.
12 Nuli ana layang kang diaturake marang panjenengane saka Nabi Elia kang mangkene surasane: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Ing sarehne sira ora lumaku ing dalane Yosafat, bapakira lan Asa, ratu ing Yehuda,
13 nanging ngenut ing lakune para ratu ing Israel lan mbujuk Yehuda lan para wong ing Yerusalem supaya laku jina, padha kaya kang ditindakake dening brayate Akhab, mangkono uga sarehne sira wus mateni para sadulurira, sakehe turune bapakira kang luwih becik tinimbang karo sira,
14 mulane Pangeran Yehuwah bakal ndhatengake wewelak gedhe marang rakyatira, anak-anakira, para bojonira, apadene marang sakehe barang darbekira.
15 Dene sira dhewe bakal nandhang lelara kang nggegirisi, sawijining lelara usus, satemah manawa wis sawetara mangsa ususira bakal metu marga saka lelara iku.”
16 Pangeran Yehuwah banjur nenangi atine wong Filisti lan wong Arab kang manggon cedhak karo wong Etiopia supaya padha nglawan Sang Prabu Yoram.