15 Dene sira dhewe bakal nandhang lelara kang nggegirisi, sawijining lelara usus, satemah manawa wis sawetara mangsa ususira bakal metu marga saka lelara iku.”
16 Pangeran Yehuwah banjur nenangi atine wong Filisti lan wong Arab kang manggon cedhak karo wong Etiopia supaya padha nglawan Sang Prabu Yoram.
17 Iku nuli padha nglurug nglawan Yehuda, padha lumebu mrono lan ngusungi sakehe barang darbe kang tinemu ana ing kratone Sang Prabu, minangka jarahan, uga para putra lan para garwane, satemah ora ana putra siji bae kari kajaba Pangeran Yoas, putrane kang wuragil.
18 Sawuse iku kabeh kelakon Pangeran Yehuwah banjur ndhawahake wewelak marang Sang Nata arupa lelara usus, kang ora bisa mari.
19 Let sawetara mangsa, kira-kira sawuse rong taun, ususe padha metu marga saka gerahe mau, wasana banjur seda kalawan nandhang rekaos kang nggegirisi. Rakyate ora ngurubake geni kagem panjenengane kayadene kang katindakake kagem para leluhure.
20 Nalika jumeneng ratu panjenengane yuswa telung puluh loro taun, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem lawase wolung taun. Sedane ora ana kang nangisi. Anggone nyarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, nanging ora ana ing pasareane para ratu.