4 Bareng Sang Prabu Yoram ngasta paprentahan ing karajane kang rama lan rumaos santosa, Sang Prabu banjur nyedani para sadhereke kabeh kalawan pedhang, uga para panggedhening Israel sawatara.
5 Sang Prabu Yoram yuswa telung puluh loro taun nalika jumeneng ratu iku lan anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase wolung taun.
6 Sugenge ngenut lampah-lampahe para ratu ing Israel kaya tindake brayate Sang Prabu Akhab, amarga garwane iku putri putrane Sang Prabu Akhab. Kang dilampahi iku apa kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah.
7 Nanging sanadyan mangkono Pangeran Yehuwah ora karsa nyirnakake tedhake Sang Prabu Dawud marga saka anane prajanjian kang dianakake kalawan Sang Prabu Dawud, laras karo anggone prajanji, manawa Panjenengane bakal paring turun marang Sang Prabu Dawud dalah satedhak turune nganti ing salawas-lawase.
8 Ing nalika jamane Sang Prabu Yoram, Edom mbalela marang pangwasane Yehuda lan banjur njumenengake ratu dhewe.
9 Sang Prabu Yoram dalasan para panggedhening wadya-balane lan sakehe kretane padha maju perang; ing wayah bengi Sang Nata wungu sarta kalawan kadherekake para tetindhihing wadya-bala kretan panjenengane nuli nrobos pabarisane wong Edom kang ngepung.
10 Kaya mangkono Edom anggone mbalela marang pangwasane Yehuda lan banjur mardika nganti saprene. Ing nalika samana Libna uga mbalela marang pangwasane Yehuda. Mulane mangkono sabab Sang Nata nilar Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.