2 Babad 22:1-7 JAV

1 Para wong ing Yerusalem banjur njumenengake ratu Pangeran Ahazia, putrane kang wuragil nggentosi panjenengane, awit para putrane kang luwih sepuh yuswane wus padha disedani kabeh dening grombolan kang nekani pakuwon bebarengan karo para wong Arab. Mangkono dadine Pangeran Ahazia, putrane Sang Prabu Yoram, ratu ing Yehuda, banjur jumeneng ratu.

2 Nalika jumeneng ratu iku Sang Prabu Ahazia yuswa patang puluh loro taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem suwene setaun. Kang ibu asma Atalya, wayahe Sang Prabu Omri.

3 Sang Prabu sugenge iya manut ing lampah-lampahe tedhake Sang Prabu Akhab, awit kang ibu paring pitutur supaya nglampahi kang ala.

4 Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah, amarga sasedane kang rama, iku tumuli padha dadi juru pirembage kang gawe cilakane.

5 Marga saka pirembage wong-wong mau uga panjenengane nuli tindak bebarengan karo Sang Prabu Yoram putrane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel, arep lumawan ing perang karo Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram, menyang ing Ramot-Gilead, nanging Sang Prabu Yoram banjur ketaton dening wong Aram,

6 Sang Prabu banjur kondur menyang ing Yizreel arep jejampi marga saka anggone ketaton ana ing Rama nalika perang nglawan Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram mau. Anadene Sang Prabu Ahazia, putrane Sang Prabu Yoram ratu ing Yehuda, tumuli tindak martuwi marang Sang Prabu Yoram, putrane Sang Prabu Akhab, menyang ing Yizreel, marga panjenengane nandhang gerah.

7 Gusti Allah wus nemtokake, manawa Sang Prabu Ahazia bakal seda ing wektu martuwi Sang Prabu Yoram; bareng Sang Prabu Ahazia rawuh, tumuli bebarengan karo Sang Prabu Yoram manggihi Sang Yehu, wayahe Sang Nimsi, kang wus dijebadi dening Pangeran Yehuwah, supaya panjenengane iku kang nyirnakake tedhake Sang Prabu Akhab.