1 Nanging ing taun kang kaping pitune Imam Yoyadha nggemblengake tekade nganakake pasarujukan karo para panggedhening wadya-bala satus, yaiku: Azarya bin Yeroham, Ismael bin Yohanan, Azarya bin Obed, Maaseya bin Adaya lan Elisafat bin Zikhri.
2 Iku padha mider-mider ing tanah Yehuda lan nglumpukake para wong Lewi ing sakehe kutha ing Yehuda lan para tetindhihing kulawangsane wong Israel, iku padha teka ing Yerusalem kabeh.
3 Wong sapasamuwan iku kabeh banjur padha gawe prajanjian karo Sang Prabu ana ing padalemaning Allah. Imam Yoyadha ngandika marang wong-wong mau: “Delengen, iki putrane Sang Nata! Kareben panjenengane ngasta paprentahan, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah tumrap para tedhake Sang Prabu Dawud.
4 Iki kang kudu padha koktindakake: Panunggalanmu, yaiku kang wus rampung anggone nglakoni kawajibane ing dina Sabat, imam utawa wong Lewi, iku kang sapratelon padha dadia jaga gapura,