2 Babad 23:7-13 JAV

7 Para wong Lewi padha anaa ing sakubenge Sang Prabu, siji-sijine sikepa gegaman, lan sapa bae kang lumebu ing padaleman iku kapatenana, sarta manawa Sang Prabu miyos utawa lumebet, iku dherekna.”

8 Para wong Lewi lan wong Yehuda kabeh padha nglakoni apa sadhawuhe Imam Yoyadha kabeh; siji-sijine nggawa wong-wonge kang wus rampung anggone nindakake kawajibane ing dina Sabat bebarengan karo para wong kang lumebu prelu nindakake kawajibane ing dina iku, awit golongan-golongan iku ora ana kang diliburake dening Imam Yoyadha.

9 Imam Yoyadha nuli maringi tumbak marang para tetindhihing wadya-bala satus mau, lan tameng cilik sarta tameng gedhe, kagungane Sang Prabu Dawud, kang ana ing padalemaning Allah.

10 Panjenengane mapanake rakyat kabeh kalawan padha sikep gegaman tumbak wiwit ing sisih tengene padaleman nganti tekan ing sisih kiwaning padaleman kalawan ngubengi misbyah lan padaleman mau prelu ngayomi Sang Nata.

11 Sawuse mangkono Imam Yoyadha lan para putrane banjur ngaturi miyos Sang Rajaputra, kang tumuli diagemi makutha lan dicaosi angger-anggering Allah, nuli padha njumenengake panjenengane dadi ratu sarta njebadi panjenengane lan banjur padha alok: “Sugenga Sang Prabu!”

12 Bareng Sang Putri Atalya miyarsa alok-aloke rakyat kang padha mlayu-mlayu marani lan ngluhurake Sang Nata, panjenengane tumuli tindak manggihi rakyat iku menyang ing padalemaning Yehuwah.

13 Banjur mirsa Sang Nata jumeneng ing sacedhake sakane ing dalan lumebu lan para panggedhe sarta para kang nggawa kalasangka ana ing sacedhake Sang Prabu, dene rakyat ing nagara kabeh padha abungah-bungah karo ngunekake kalasangka, sarta para juru ngidung padha nuntun kang ngrepekake kekidungan pepujian kalawan nyekel piranti-pirantining musik. Sang Putri Atalya banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kambi alok: “Kiyanat, kiyanat!”