2 Babad 24:12-18 JAV

12 Sang Prabu lan Imam Agung Yoyadha masrahake dhuwit mau marang kang manggedheni pagaweaning padalemaning Yehuwah. Iki banjur padha menehake dhuwit iku marang para tukang natah lan para tukang kayu minangka opah anggone ndandani padalemaning Yehuwah; uga marang para tukang besi lan tembaga kang padha ndandani padalemaning Yehuwah.

13 Sawuse mangkono tukang-tukang mau padha wiwit nyambut gawe; tumindaking pagawean rancag kagarap ing wong-wong iku. Padalemaning Allah kabangun maneh manut kaanane sakawit lan disantosakake.

14 Bareng wus rampung, turahane dhuwit dicaosake marang Sang Prabu lan Imam Agung Yoyadha. Dhuwit iku dianggo gawe prabot-praboting padalemaning Pangeran Yehuwah, yaiku: piranti-piranti kanggo nganakake kebaktian, piranti-piranti kanggo caos kurban obaran, uga piring-piring lan piranti-piranti emas lan selaka. Sajege sugenge Imam Agung Yoyadha kurban obaran ajeg kasaosake ana ing padalemaning Yehuwah.

15 Kacarita Imam Agung wus sepuh lan wus akeh banget yuswane, nuli seda. Sedane nalika yuswa satus telung puluh taun,

16 banjur disarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud sandhing para ratu, marga saka pandamel-pandamele kang becik ana ing tanah Israel kang tumuju marang Gusti Allah lan padalemane.

17 Sasedane Imam Agung Yoyadha, para panggedhe ing Yehuda padha sowan lan sumungkem ana ing ngarsane Sang Prabu. Wiwit nalika iku Sang Prabu kang dipidhangetake ature wong-wong iku,

18 dadine banjur padha ninggal padalemaning Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, sarta tumuli padha nyembah marang tugu-tugu brahala lan reca-reca brahala. Marga saka kaluputane iku Yehuda lan Yerusalem katiban ing bebendu.