2 Babad 24:9-15 JAV

9 sarta nuli dhawuh ngumumake ana ing Yehuda lan ing Yerusalem, manawa wong kudu asok pajeg kagem Pangeran Yehuwah, kang ditetepake dening Nabi Musa, abdining Allah, tumrap wong Israel ana ing pasamunan.

10 Sakehing panggedhe lan rakyat kabeh padha bungah; padha teka karo nggawa pajege, dilebokake ing pethi mau nganti kebak.

11 Saben-saben pethi digawa lumebu prelu dipriksa dening para wong Lewi atas asmane Sang Prabu, lan manawa wus katon isi dhuwit akeh, panitrane Sang Prabu lan para kang dikwasakake dening Imam Agung padha teka ngwetokake isining pethi mau, nuli dibalekake marang ing panggonane maneh. Kaya mangkono iku saben-saben katindakake, lan akeh dhuwit kang diklumpukake.

12 Sang Prabu lan Imam Agung Yoyadha masrahake dhuwit mau marang kang manggedheni pagaweaning padalemaning Yehuwah. Iki banjur padha menehake dhuwit iku marang para tukang natah lan para tukang kayu minangka opah anggone ndandani padalemaning Yehuwah; uga marang para tukang besi lan tembaga kang padha ndandani padalemaning Yehuwah.

13 Sawuse mangkono tukang-tukang mau padha wiwit nyambut gawe; tumindaking pagawean rancag kagarap ing wong-wong iku. Padalemaning Allah kabangun maneh manut kaanane sakawit lan disantosakake.

14 Bareng wus rampung, turahane dhuwit dicaosake marang Sang Prabu lan Imam Agung Yoyadha. Dhuwit iku dianggo gawe prabot-praboting padalemaning Pangeran Yehuwah, yaiku: piranti-piranti kanggo nganakake kebaktian, piranti-piranti kanggo caos kurban obaran, uga piring-piring lan piranti-piranti emas lan selaka. Sajege sugenge Imam Agung Yoyadha kurban obaran ajeg kasaosake ana ing padalemaning Yehuwah.

15 Kacarita Imam Agung wus sepuh lan wus akeh banget yuswane, nuli seda. Sedane nalika yuswa satus telung puluh taun,