1 Pangeran Amazia nalika jumeneng ratu yuswane salawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem lawase sangalikur taun. Kang ibu asma Yoadan, saka ing Yerusalem.
2 Sang Prabu nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Yehuwah, mung bae ora kalawan gumolonging panggalih.
3 Bareng pangwasaning karajan wus santosa ana ing astane, para punggawa kang nyedani Sang Nata, kang rama, padha dipateni.
4 Nanging anak-anake ora diukum pati, awit Sang Nata nindakake apa kang katulisan ing sajroning Toret, yaiku kitabe Nabi Musa, kang uga isi dhawuhe Pangeran Yehuwah: “Aja ana bapa kang mati marga saka anake, lan uga aja ana anak kang mati marga saka bapakne, nanging saben wong matine kudu marga dosane dhewe.”