1 Pangeran Amazia nalika jumeneng ratu yuswane salawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem lawase sangalikur taun. Kang ibu asma Yoadan, saka ing Yerusalem.
2 Sang Prabu nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Yehuwah, mung bae ora kalawan gumolonging panggalih.
3 Bareng pangwasaning karajan wus santosa ana ing astane, para punggawa kang nyedani Sang Nata, kang rama, padha dipateni.
4 Nanging anak-anake ora diukum pati, awit Sang Nata nindakake apa kang katulisan ing sajroning Toret, yaiku kitabe Nabi Musa, kang uga isi dhawuhe Pangeran Yehuwah: “Aja ana bapa kang mati marga saka anake, lan uga aja ana anak kang mati marga saka bapakne, nanging saben wong matine kudu marga dosane dhewe.”
5 Sang Amazia banjur nglempakake wong Yehuda, yaiku wong Yehuda lan Benyamin kabeh, padha didhawuhi ngadeg manut para kulawangsane, dipanggedheni dening tetindhihing wadya-bala sewu lan para tetindhihing wadya-bala satus. Bareng kaetung dening Sang Nata wong kang umur rong puluh taun munggah, tinemune ana nonoman telung atus ewu kang sembada ing perang kalawan sikep tumbak lan tameng.
6 Kajaba saka iku panjenengane nyewa saka Israel wong prawira kang gagah prakosa cacahe satus ewu, sewane satus talenta selaka.
7 Nanging nuli ana abdining Allah kang sowan marang ing ngarsane sarta munjuk: “Dhuh, Sang Prabu, sampun ngantos marengaken wadya-bala Israel nunggil kaliyan gusti kawula, awit Pangeran Yehuwah boten nunggil kaliyan Israel, inggih punika sakathahing bani Efraim punika.