2 Babad 25:15-21 JAV

15 Ing kono Pangeran Yehuwah duka marang Sang Prabu Amazia, banjur utusan nabi sowan marang ing ngarsane, kang tumuli munjuk: “Punapa sababipun dene paduka madosi allahipun bangsa ingkang boten saged ngluwari bangsanipun piyambak saking asta paduka?”

16 Nalika nabi mau lagi matur, Sang Prabu Amazia ngandika: “Apa sira sundadekake juru pirembage Sang Nata? Menenga! Apa sira njaluk mati?” Nabi mau banjur kendel, nanging sawuse matur: “Kawula punika sumerep bilih Gusti Allah sampun mutus badhe nyirnakaken paduka, awit paduka sampun tumindak makaten, saha boten karsa midhangetaken dhateng rembag kawula.”

17 Sawuse mangkono Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, nganakake pirembagan lan banjur utusan wong marang ing ngarsane Sang Prabu Yoas, bin Yoakhas bin Yehu, ratu ing Israel, kadhawuhan nglantarake pangandikane mangkene: “Sumangga kita sami ngaben kakiyatan!”

18 Nanging Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, nuli utusan sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, kadhawuhan maringake wangsulane mangkene: “Wit eri ing redi Libanon punika kintun piweling dhateng wit eres ing redi Libanon makaten: Anak sampeyan estri sampeyan sukakaken dhateng anak kula jaler, dadosa semahipun. Nanging kewan-kewan ing wana ingkang wonten ing redi Libanon punika langkung ing ngriku lajeng ngidak wit eri wau.

19 Panjenengan nggalih, panjenengan sampun ngawonaken Edom, milanipun panggalih panjenengan lajeng kumaluhur-luhur lan badhe ngupados pangaji-aji. Sapunika, kula aturi wonten ing dalem kemawon. Punapa ta prelunipun panjenengan ngajap dhateng bilai, satemah panjenengan lajeng dhawah dalasan Yehuda pisan?”

20 Nanging Sang Prabu Amazia ora karsa midhangetake, amarga bab iku wus katetepake dening Gusti Allah, wong-wong mau bakal kaulungake marang ing astane Sang Prabu Yoas, awit wus padha ngupaya marang allahe wong Edom.

21 Mulane Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, banjur majeng ngaben kakiyatan, panjenengane lan Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, ana ing Bet-Semes ing wilayah Yehuda.