2 Babad 25:8-14 JAV

8 Dene manawi punika meksa katunggilaken, sanadyan kados pundi kemawon tumindak paduka saha kakiyatan paduka ing salebeting peperangan, Gusti Allah badhe ndhawahaken paduka wonten ing ngajenging mengsah, amargi Gusti Allah punika kagungan pangwaos mitulungi tuwin ndhawahaken!”

9 Sang Prabu Amazia tumuli ngandika marang abdining Allah mau: “Lah banjur kapriye dhuwit satus talenta kang wus sunparingake marang wadya-bala Israel iku?” Atur wangsulane abdining Allah: “Pangeran Yehuwah saged maringi dhumateng paduka langkung saking samanten!”

10 Sang Prabu Amazia nuli misah wadya-bala kang saka Efraim lan nunggil karo panjenengane mau, padha kadhawuhan bali menyang ing papan padunungane. Wong-wong iku banjur nepsu banget marang Yehuda. Anggone padha mulih kalawan nepsu ngigit-igit.

11 Sang Prabu Amazia ngatingalake kekendelane, panjenengane mangagengi rakyate kalurugake menyang ing Lebak Asin lan nggecak panunggalane wong bani Seir sapuluh ewu.

12 Kajaba iku ana wong sapuluh ewu kan ditawan urip-uripan dening bani Yehuda kang banjur kagawa menyang ing pucake sawijining gunung parang, tumuli dijorogake mangisor saka ing pucaking gunung parang iku, satemah padha ajur mumur kabeh.

13 Nanging para wong saka wadya-bala kang didhawuhi mulih dening Sang Prabu Amazia, kang ora diparengake ndherek perang panjenengane, iku padha nempuh kutha-kutha ing Yehuda saka ing Samaria nganti tekan ing Bet-Horon sarta mateni wong kang manggon ing kono telung ewu tuwin ngrampas jarahan akeh.

14 Bareng Sang Prabu Amazia kondur saka anggone ngawonake wong Edom mau, para allahe bani Seir kang kaasta kondur, banjur kaedegake kadadekake allahe; Sang Prabu nuli sujud lan nyembah marang allah-allah iku sarta disajeni kurban.