17 Nanging Imam Agung Azarya ngetutake ana ing sawingkinge, kadherekake imaming Yehuwah wolung puluh, para wong kang tatag.
18 Nuli padha ngadeg ana ing ngarsane Sang Prabu Uzia lan matur: “Dhuh, Sang Prabu Uzia, paduka boten kagungan wewenang mbesmi dupa kagem Pangeran Yehuwah, namung para imam tedhakipun Rama Harun ingkang sampun kasucekaken, ingkang wenang mbesmi dupa! Paduka kawula aturi miyos saking papan suci punika. Paduka sampun boten setya malih. Paduka boten badhe angsal kaluhuran saking Pangeran Yehuwah Allah margi saking prakawis punika.”
19 Nanging Sang Prabu Uzia kalawan ngasta bokor padupan arep kekutug, banjur dadi duka. Bareng dukane lagi banget-bangete, palarapane nuli kena lelara saraat ana ing ngarepe para imam ana ing padalemaning Yehuwah kono, ana ing sacedhake misbyah padupan.
20 Imam Agung Azarya lan sakehe imam liyane padha mandheng marang panjenengane, lah Sang Prabu gerah saraat ana ing palarapane. Sang Prabu banjur enggal-enggal diaturi miyos saka ing kono. Sang Prabu piyambak iya tumuli enggal-enggal miyos, awit wus kadhawuhan wewelak dening Pangeran Yehuwah.
21 Sang Prabu Uzia anggone nandhang gerah saraat nganti tumeka ing dina sedane, lan sarehne gerah saraat, banjur manggen ana ing dalem piyambak, amarga kasetrakake saka ing padalemaning Yehuwah. Dene Pangeran Yotam, kang putra, kang mangagengi kraton lan nindakake paprentahan tumrap rakyat ing nagara kono.
22 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Uzia, wiwit wiwitan nganti wekasan, iku katulisan dening Nabi Yesaya bin Amos.
23 Sang Prabu Uzia banjur kepareng aso nunggil karo para leluhure lan disarekake sandhing para leluhure ana ing pategalan sacedhake pasareaning para ratu, awit panjenengane gerah saraat. Mangkono pangucape wong. Dene Pangeran Yotam, kang putra banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.