6 Sang Prabu Yotam dadi santosa, awit sugenge madhep marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe.
7 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yotam, sakehe perange lan lampah-lampahe, lah iku kabeh katulisan ing buku bab para ratu ing Israel lan Yehuda.
8 Nalika jumeneng ratu panjenengane yuswa salawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase nembelas taun.
9 Sang Prabu Yotam tumuli kepareng aso nunggil karo para leluhure lan banjur kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Dene Pangeran Akhas, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.