2 Babad 28:12-18 JAV

12 Banjur ana panggedhening bani Efraim sawatara yaiku Azarya bin Yohanan, Berekhya bin Mesilemot, Yekhizkia bin Salum lan Amasa bin Hadlai, kang padha ngadeg ana ing ngarepe wong kang padha mulih saka ing peperangan,

13 sarta nguwuh-uwuh mangkene: “Para tawanan iku aja padha kokgawa mrene, awit kekarepanmu iku ndadekake kita padha kaluputan marang Pangeran Yehuwah sarta muwuhi dosa lan kasalahan kita! Kaluputan kita iku wus gedhe sarta bebendu kang mulad-mulad wus tumempuh marang Israel.”

14 Bareng mangkono para wong kang sikep gegaman banjur padha ninggal para tawanan lan barang-barang kang padha dirayah ana ing ngarepe para panggedhe lan wong sapasamuwan kabeh.

15 Wong-wong kang tinanggenah kalawan kasebut jenenge, iku tumuli padha mangkat methuk para wong tawanan mau. Sakehe wong kang kawudan padha diwenehi panganggo dijupukake saka jarahan. Wong-wong iku padha diwenehi sandhangan, kasut, mangan lan ngombe. Padha dijebadi kalawan lenga lan sakehe wong kang wus sayah banget nganti ora bisa mlaku padha ditunggangake ing kuldi, digawa menyang ing Yerikho, menyang ing Kutha Wit Kurma, cedhak karo para sadulure. Sawuse mangkono wong Israel mau padha mulih menyang ing Samaria.

16 Ing nalika iku Sang Prabu Akhas utusan marang Sang Nata ing nagara Asyur mundhut bantuan.

17 Marga wong Edom uga wus padha teka lan ngasorake Yehuda sarta mboyongi wong tawanan.

18 Para wong Filisti iya wus padha nempuh marang kutha-kutha ing Tanah Pagunungan ing Tanah Negeb Yehuda, wus padha ngrebut kutha Bet-Semes, Ayalon, Gederot, Sokho dalah sawewengkone, Timna sawewengkone, lan Gomzo sawewengkone sarta banjur padha manggon ing kutha-kutha kono.