17 Marga wong Edom uga wus padha teka lan ngasorake Yehuda sarta mboyongi wong tawanan.
18 Para wong Filisti iya wus padha nempuh marang kutha-kutha ing Tanah Pagunungan ing Tanah Negeb Yehuda, wus padha ngrebut kutha Bet-Semes, Ayalon, Gederot, Sokho dalah sawewengkone, Timna sawewengkone, lan Gomzo sawewengkone sarta banjur padha manggon ing kutha-kutha kono.
19 Kaya mangkono anggone Pangeran Yehuwah ngesorake Yehuda, amarga Sang Prabu Akhas, ratu Israel iku, ngendelake bae marang tindak mblasar kang kelakon ana ing Yehuda sarta wus ora setya marang Pangeran Yehuwah.
20 Sang Prabu Tilgat-Pilneser, ratu ing nagara Asyur, nuli rawuh, mung bae ora sumedya mbiyantu marang panjenengane, nanging arep ngrupeki marang panjenengane.
21 Sanadyan Sang Prabu Akhas ngrayahi barang-barang ing padalemaning Yehuwah, ing kraton lan ing daleme para panggedhe sarta masrahake iku kabeh marang Sang Nata ing nagara Asyur, ewadene iku ora njalari kauntungane.
22 Ing sajrone kaanan kapepet iku Sang Prabu Akhas malah saya banget anggone ora setya marang Pangeran Yehuwah.
23 Sang Prabu sesaji kurban marang para allahe wong Damsyik kang wus ngalahake panjenengane. Sang prabu nggalih mangkene: “Kang mitulungi para ratune wong Aram iku allah-allahe; mulane aku arep sesaji kurban marang iku, supaya aku uga dipitulungi.” Mangka iya allah-allah iku kang njalari bilaine dalah wong Israel kabeh.