19 Kaya mangkono anggone Pangeran Yehuwah ngesorake Yehuda, amarga Sang Prabu Akhas, ratu Israel iku, ngendelake bae marang tindak mblasar kang kelakon ana ing Yehuda sarta wus ora setya marang Pangeran Yehuwah.
20 Sang Prabu Tilgat-Pilneser, ratu ing nagara Asyur, nuli rawuh, mung bae ora sumedya mbiyantu marang panjenengane, nanging arep ngrupeki marang panjenengane.
21 Sanadyan Sang Prabu Akhas ngrayahi barang-barang ing padalemaning Yehuwah, ing kraton lan ing daleme para panggedhe sarta masrahake iku kabeh marang Sang Nata ing nagara Asyur, ewadene iku ora njalari kauntungane.
22 Ing sajrone kaanan kapepet iku Sang Prabu Akhas malah saya banget anggone ora setya marang Pangeran Yehuwah.
23 Sang Prabu sesaji kurban marang para allahe wong Damsyik kang wus ngalahake panjenengane. Sang prabu nggalih mangkene: “Kang mitulungi para ratune wong Aram iku allah-allahe; mulane aku arep sesaji kurban marang iku, supaya aku uga dipitulungi.” Mangka iya allah-allah iku kang njalari bilaine dalah wong Israel kabeh.
24 Sang Prabu Akhas nglempakake piranti-piranti ing padalemaning Allah, padha dirusaki. Lawanging padalemaning Pangeran Yehuwah diinebake sarta banjur yasa misbyah-misbyah kagem sarirane piyambak ana ing sakehe pojok-pojoking Yerusalem.
25 Saben kutha ing Yehuda didegi tengger-tengger pangurbanan kanggo papaning ngobong kurban marang allah liyane. Kaya mangkono anggone Sang Prabu damel gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.