2 Babad 28:7-13 JAV

7 Sarta Zikhri, sawijining gegedhug saka Efraim, nyedani Pangeran Maaseya, putrane Sang Prabu, Sang Azrikam, panggedhening kraton, lan Sang Elkana, priyagung kang angka loro sangisore Sang Nata.

8 Panunggalane sadulure ana kang ditawan dening wong Israel rong atus ewu, yaiku wong wadon lan bocah lanang sarta wadon. Wong-wong iku uga padha njarah rayah barang-darbeke kang akeh cacahe, padha digawani menyang ing Samaria.

9 Nanging ing kono ana sawijining nabine Pangeran Yehuwah, kang asma Odhed. Nabi iku tindak methukake wadya-bala kang bali menyang ing Samaria lan ngandika marang wong-wong mau mangkene: “Lah awit saka dukane marang Yehuda, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, ngulungake wong-wong iku marang ing tanganmu, sarta kowe padha gawe pepati ana ing satengahe kanthi riwuding nepsu kang nganti sundhul ing langit.

10 Dene saiki kowe padha duwe karep sumedya nelukake Yehuda lan Yerusalem arep padha kokdadekake batur tukon lanang lan wadon. Apa kowe dhewe ora duwe kaluputan kang gedhe ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu?

11 Lah saiki rungokna pituturku iki: Panunggalane para sadulurmu kang padha koktawan iku balekna, amarga bebenduning Allah marang kowe mulad-mulad.”

12 Banjur ana panggedhening bani Efraim sawatara yaiku Azarya bin Yohanan, Berekhya bin Mesilemot, Yekhizkia bin Salum lan Amasa bin Hadlai, kang padha ngadeg ana ing ngarepe wong kang padha mulih saka ing peperangan,

13 sarta nguwuh-uwuh mangkene: “Para tawanan iku aja padha kokgawa mrene, awit kekarepanmu iku ndadekake kita padha kaluputan marang Pangeran Yehuwah sarta muwuhi dosa lan kasalahan kita! Kaluputan kita iku wus gedhe sarta bebendu kang mulad-mulad wus tumempuh marang Israel.”