2 Babad 29:15-21 JAV

15 Iku padha nglumpukake para sadulure lan padha sesuci. Sawuse mangkono nuli padha mara miturut dhawuhe Sang Prabu, cundhuk karo pangandikaning Sang Yehuwah, tumuli padha nucekake padalemaning Sang Yehuwah.

16 Sawuse iku para imam banjur padha lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah prelu nucekake iku. Kabeh kang najis, kang tinemu ana ing padalemaning Sang Yehuwah, digawa menyang ing plataraning padalemane Pangeran Yehuwah; iku padha ditampani dening para wong Lewi lan digawa metu, menyang ing Lebak Kidron.

17 Anggone wiwit nucekake iku ing tanggal sapisan, sasi kapisan. Ing dina kang kaping wolu, sasi iku, wus padha tutug ing srambining padalemane Pangeran Yehuwah lan anggone nucekake padalemaning Yehuwah iku suwene wolung dina. Rampunge ing dina kang kaping nembelas sasi kapisan.

18 Sawuse iku banjur padha lumebu sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia lan munjuk: “Kawula sampun sami nucekaken padalemaning Pangeran Yehuwah sedaya, ugi misbyah kurban obaran sapirantosipun sadaya.

19 Wondene sakathahing pirantos, ingkang kabucal dening Sang Prabu Akhas, nalika panjenenganipun murtad ing wekdal ngasta paprentahanipun, sampun sami kawula cawisaken saha sampun sami kawula sucekaken. Sapunika sadaya wau wonten ing sangajenging misbyahipun Pangeran Yehuwah.”

20 Esuk uthuk-uthuk Sang Prabu Hizkia ngempalake para panggedhening kutha sarta banjur tedhak menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.

21 Kabeh padha nggawa sapi lanang pitu, wedhus gembel lanang pitu, wedhus gembel enom pitu sarta wedhus berok lanang pitu minangka kurban pangruwating dosa kagem brayate Sang Prabu, kanggo pasucen lan kanggo Yehuda. Sang Prabu nuli dhawuh marang para tedhake Rama Harun, yaiku para imam, supaya nyaosake kurban mau ana ing misbyahe Pangeran Yehuwah.