2 Babad 29:22-28 JAV

22 Banjur padha nyembeleh sapi-sapi mau, para imam nampani getihe, disiramake ing misbyah. Sawuse mangkono tumuli nyembeleh wedhus-wedhuse gembel lanang, lan getihe kasiramake ing misbyah. Nuli nyembeleh wedhus-wedhuse gembel enom sarta getihe iya kasiramake ing misbyah.

23 Sabanjure wedhus-wedhus berok lanang, kang bakal kanggo kurban pangruwating dosa mau padha disowanake marang ing ngarsane Sang Prabu lan ing ngarepe pasamuwan. Nuli padha numpangake tangane ing wedhus-wedhus iku.

24 Para imam kang banjur nyembeleh lan nyaosake getihe ana ing misbyah, minangka kurban pangruwating dosa, supaya ngolehna panebus kanggo wong Israel kabeh. Awit Sang Nata wus paring dhawuh supaya saos kurban obaran lan kurban pangruwating dosa kanggo wong Israel kabeh.

25 Sang Prabu mapanake para wong Lewi ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah kalawan nggawa kecer, slukat lan clempung, ngetrepi dhawuhe Sang Prabu Dawud lan Nabi Gad, wong sidik abdining Sang Nata, tuwin Nabi Natan, amarga iku dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar para nabine.

26 Para wong Lewi tumuli padha ngadeg kalawan nyekel piranti-piranti musik, yasane Sang Prabu Dawud, mangkono uga para imam, kang padha nyekel kalasangka.

27 Sang Prabu Hizkia banjur dhawuh saos kurban obaran ana ing misbyah. Nalika kurban obaran wiwit kasaosake, kekidungan kagem Pangeran Yehuwah iya nuli karepekake, binarung swaraning kalasangka, lan piranti-piranti musik yasane Sang Prabu Dawud, ratu ing Israel.

28 Nalika kekidungan karepekake lan kalasangka kaunekake, wong sapasamuwan kabeh padha sujud lan nyembah. Iku kabeh tumindak nganti saenteke kurban obaran.