33 Anadene pisungsung-pisungsung suci awujud: sapi nem atus lan wedhus telung ewu.
34 Nanging cacahe imam kesithiken, mulane ora keconggah ngeleti sakehe kurban obaran. Awit saka iku para sadulure, para wong Lewi, mbiyantu nganti sarampunge pagawean lan nganti para imam wus padha nucekake awake. Amarga para wong Lewi iku anggone nucekake awake luwih tumemen tinimbang para imam.
35 Lan maneh kurbane obaran iku akeh, mangkono uga gajihe kurban slametan sarta kurban unjukan kanthine kurban obaran mau. Kaya mangkono pangibadah ing padalemaning Sang Yehuwah anggone katata maneh.
36 Sang Prabu Hizkia lan rakyat kabeh padha asuka-rena marga saka apa kang wus katetepake dening Gusti Allah kanggo bangsa iku, awit bab iku kalakone ora kanyana-nyana.