2 Sang Nata anggone wiwit yasa padaleman iku ing sajrone sasi kang kapindho, ing taun kang kaping pate paprentahane.
3 Anadene dhasaring ukuran kang diagem Sang Prabu Suleman anggone yasa padalemaning Allah iku mangkene: dawane sewidak asta, manut ukuran asta kang lawas, dene ambane rong puluh asta.
4 Srambi ing sangarepe dalem gedhe iku dawane rong puluh asta, manut ambane dalem mau, lan dhuwure satus rong puluh asta. Srambi iku ing sisih jerone kalapis ing mas murni.
5 Daleme gedhe digebyogi kayu beros. Kayu iku nuli kalapis ing emas murni, kang banjur kapasangan wit kurma, ing dhuwure kadokokan lunglungan.
6 Iku iya kalapis ing sesotya kang larang-larang minangka rerenggan, dene emase emas Parwaim.
7 Kaya mangkono dalem gedhe mau; blandar-pangerete, dhempel-dhempele, gebyog-gebyoge lan lawang-lawange padha kalapis emas, dene ing gebyoge didokoki kerub ukir-ukiran.
8 Sawuse mangkono Sang Prabu banjur yasa kamar pasucen kang pinunjul; dawane rong puluh asta, manut ambane padaleman mau, lan ambane uga rong puluh asta. Iku tumuli kalapis emas murni, kang bobote nem atus talenta;