1 Sawuse mangkono Sang Prabu Hizkia banjur utusan marang wong Israel lan wong Yehuda kabeh, malah iya damel serat marang Efraim lan Manasye, supaya padha teka ngriyayakake Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel, ana ing padalemaning Sang Yehuwah ing Yerusalem.
2 Sang Nata lan para panggedhe sarta wong sapasamuwan ing Yerusalem kabeh padha ngrancang bakal ngriyayakake Paskah ing sasi kapindho,
3 amarga ora padha bisa ngriyayakake ing wektu apa mesthine, jalaran para imam kang nucekake awake cacahe durung nyukupi sarta rakyat durung nglumpuk ana ing Yerusalem.
4 Sang Prabu karsa nampeni rancangan iku, samono uga wong sapasamuwan kabeh.
5 Nuli padha mutus nggiyarake pangumuman ing satanah Israel kabeh, wiwit Bersyeba nganti tekan ing Dhan supaya padha tekaa ing Yerusalem prelu ngriyayakake Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, amarga durung padha ngriyayakake kanthi patrap kang umum kaya kang wus katulis.